Kamis, 23 Juni 2011

SEPUR - SEPURAN

Desaku Karangkemiri termasuk edhek sekang tapsiun(stasiun) Karanganyar. Jarak paling edhek meng umahku kurang lewih 1 kilometer. Saben wektu angger ana sepur liwat mesti krungu suarane sepur sing lagi mlaku nang ril-le. Kanggo wilayah Kebumen tapsiun Karanganyar termasuk tapsiun gedhe seliane tapsiun Gombong karo Kebumen.

Jenenge bocah ndesa pancen gumunan. Jaman SD tahun 80-an rata-rata kancaku wis padha tau mrasani nunggang sepur. Kanca kancaku rata-rata padha duwe dulur nang Jakarta utawa Surabaya. Dadi angger mangsa prei-an sekolah padha bisa dolan meng nggone dulure nang Jakarta utawa Surabaya sing otomatis lungane nunggang sepur. Enyong dhewek jaman semana ora duwe dulur nang kota, dadi ora tau mrasani sing jenenge nunggang sepur.

Pucuk dicinta ulam tiba, agi pengin-pengine mrasani nunggang sepur, kanca dolanku ngajak enyong sepuran. Pertamane dolan mlaku meng tapsiun. Suwe-suwe kancaku ngajak munggah sepur jurusan ngulon. Pertama nunggang sepur nunggange sepur barang, nang sambungan antarane gerbong, bisa ngadeg bisa njangong. Nunggang sepur barang bae rasane ser kepenak banget. Mudhune nang tapsiun Gombong sing jarak-ke sekang Karanganyar kurang lewih 8 kilometer. Setekane tapsiun Gombong terus ngaso sinambi nunggu sepur sing kan kulon jurusan ngetan nggo balik nang Karanganyar. Ngetane arep nganggo sepur biasan, jalarane angger nunggu sepur barang maning mbuh jam pira anane, bisa-bisa ngesuk nembe ana. Ora suwe sepure teka, enyong karo kancaku munggah meng sepur. Rasane dheg-dhegan ora patut, yang seneng ya wedi. Senenge bisa mrasani nunggang sepur sing ternyata rasane kepenak. Wedi-ne mbok nganti ditangkep nang kondektur gara-gara ora nduwe karcis. Ning Alhamdulillah nganti mudhun nang tapsiun Karanganyar ora pemriksaan karcis. Slamet tekan Karanganyar maning.

Sepisan nunggang sepur rasane seneng terus pengin maning. Angger prei dina minggu pengin-ne dolan meng tapsiun, sepur-sepuran. Awal-le Karanganyar - Gombong, suwe suwe wani Karanganyar - Kebumen. Tambah suwe tambah dina wani Karanganyar Sumpiuh. Paling adoh nganti tapsiun Kroya angger arah ngulon. Angger arah ngetan paling adoh tekan tapsiun Kutoarjo. Jalaran saking kerepe sepur-sepuran, suwe-suwe dadi kebiasaan. Ning syukur banget sedawane sepur-sepuran durung tau kewenangan nang kondektur dipriksa karcise. Dadi slamet terus.

Ana sensasi sing ora bisa diklalen-ni sesuwe-ne sepur-sepuran. Angger nyepur arah Sumpiuh utawane Kroya, sekulone tapsiun Gombong ngliwati trowongan IJO. Pas ngliwati trowongan IJO peteng ndhedhet banget, terus suarane gemrubuk banget, wektune ya mandan suwe kurang lewih semenit. Mbayangna nggawene trowongan wong Landa pancen ya pinter, embane jaman kuna lereng wis bisa nembus gunung digawe trowongan sing dawane 580 meter kanggo jalur ril sepur. Terowongan Ijo kuwe ya wis tau dadi background film nasional sing judule Kereta Api Terakhir.

Sepinter-pinter-re bajing mlumpat sepisan-pisan ya ngrasakena tiba. Wektu arep sepuran meng Kebumen enyong meh tiba kan sepur. Jalarane munggaeh mandan ragu-ragu. Sepur wis mulai mlaku mandan cepet, enyong nembe arep munggah. Gatholane meng gerbong kurang kenceng, terus tiba nyangsang nang kawat-kawat sing ana nang pinggir ril sepur. Untung mung lecet sethithik, untung ora tiba nang watu utawa ril-le. Untung kabeh lah pokoke, syukur Alhamdulillah banget ora cilaka. Mulai wektu kuwe enyong kapok, ora tau maning sepur-sepuran.

Wassalam,
Suwarto Kartadiraja
Karangkemiri Kulon,
Lor Pasar Karanganyar
Bumen

2 komentar:

H. SAKIJO BIN DJAYANOM BIN ARDA MENAWI mengatakan...

Nyuwun sewu, rika sih daleme sisih endi? apa sibacin? SDne sih SD pira koh adoh men lulus tahun pira? mbok aku kenal.

Ramane Hatta mengatakan...

Kula umaeh wetan Sibacin kang Haji. Persis pinggir kali sing siki akeh tower BTS-se. SD-ne SD 1 Karangkemiri, SMP-ne SMP 1 Karanganyar lulus taun 89. Angger cah Binangun sing aku kenal ya Aris sing dadi marinir, Pratomo sing 2 taun senduwurku sing adhine ayune ngepol. Angger Pak Tunas Purwoko apa panjenengan kenal?