Tumrape wong ndesa, nek ngomong bab mangsa, umume wong ngertine ana loro mangsa. Yakuwe mangsa rendheng karo mangsa ketiga. Mangsa rendheng, tandha-tandhane akeh mudhun udan, gawene malah banjir. Angger mangsa ketika tandha-tandhane panas dawa, ora tau udan, lemah garing padha mlethak.
Angger dimat-na lewih awas, janjane mangsa utawane musim bisa dibagi dadi 4 mangsa. Urut-urutane yakuwe : Mangsa Pelabuh, Mangsa Rendheng, Mangsa Mareng karo sing terakhir Mangsa Ketiga. Papat mangsa kuwe muter terus, gantian siji-siji, pelabuh nganti ketiga, ketemu pelabuh maning sing dijenengi siklus mangsa.
Ayuh dibahas siji-siji 4 mangsa kuwe:
1. Mangsa Pelabuh
Tandha-tandhane mangsa pelabuh:
- Mulai ana udan
- Suket mulai padha thukul
- Godhong wit-witan padha mulai semi
- Lemah mulai teles
Angger mangsa pelabuh teka, wong ndesa padha mulai persiapan nggarap sawah. Tegalan utawane galengan mulai dipanjani jagung. Budin karo ketela mulai ditandur. Wong tani biasane
mulai tuku winih sing apik, sing arep disebar nang sawah. Nek udan-ne wis mandan gedhe,
banyu sawah mandan akeh, nembe gawe leleran loro utawa telung dapur nggo nyebar winih.
Mangsa pelabuh, wong sing padha ingu-ingu wedhus, kebo utawane sapi ya mulai semringah.
Jalarane suket mulai akeh, dadi nggone nggolet pakan wedhus, kebo, sapi ora kangelan maning kaya jaman ketiga winginane.
2. Mangsa Rendheng
Tandha-tandhane mangsa Rendheng:
- Udan saben dina
- Angger udan gedhe bledheg utawa gludug-ge ngampar-ngampar utamane mangsa ke sanga
- Kali, kalen, sawah, belik banyune nganti luber
- Sumur banyune cethek, nimbane dadi gampang
- Angger udan gedhe ora kebener tanggul bisa jebol dadine banjir
- Wit-witan godhonge thukul lagi lemu-lemune
- Dalanan nang ngendi-ngendi cebrik alias becek
Angger mangsa rendheng teka wit-witan lagi subur-subure, godhonge ijo royo-royo. Angger udan gedhe sing umaeh sekitar kali biasane menangi kebanjiran utawane paling ora banyu kaline bisa mlewed dadine keluberan. Angger udan bae enake ya mangan karo medang kopi. Budin bakar be rasane enak banget. Sawah banyune mandan jero, angger panen dadi kecobrokan. Kanggo sing ngingu wedhus-kebo-sapi suket lagi akeh akeeh, dadi ingon-ingone bisa lemu-lemu.
3. Mangsa Mareng
Tandha-tandhane mangsa Mareng:
- Udan tesih ana pisan pindho
- Garempung karo kinjeng tangis mulai moni bae
- Angger panas awan mulai gelem dawa
- Lemah mulai garing mandan gersang
- Wit-witan godhonge mulai padha ambrol, utawane wit jati karo mahoni
- Dalanan garing mulai akeh bledug-ge
Mangsa Mareng teka wit-witan ngambrolna godhonge. Panase gelem mandan dawa. Sumure mulai mandan jero. Kali,kalen sawah banyune mulai susut, anane nang permukaan-ne thok. Angger sawah tesih ana parine, nggolet iwat kepenak banget mung gari dibiak tanduran parine terus digoleti sing tesih ana banyune. Iwake ngumpul nang clekedhokan kuwe kabeh. Gari ndikepi thok. Panen ketiga biasane nang mangsa kiye. Bar panen bisane sawaeh terus disebari kacang ijo, utawane dipanja-ni kedele.
4. Mangsa Ketiga
Tandha-tandhane mangsa Ketiga:
- Ora ana udan babar blas
- Lemah mulai garing atos nganti padha nglungka utawane mlethak-mlethak
- Angger awan panase nggepret
- Angger mbengi adheme ngepol
- Angger esuk-esuk ana kremun utawane kabut
- Sumur banyune gari sethithik utawane sat nggereng
- Wit-witan godhonge padha ambrol kabeh, malah ana sing nganti garing
- Suket padha garing
- Dalanan garing akeh bledug-ge
- Akeh wong padha belekan
Nang mangsa ketiga, hawane panas banget angger awan, ning adhem banget angger wengi. Banyu mulai langka. Sing wong gunung belik-ke padha sat, dadi kudu nguyang nggolet banyu nang ndesa. Sing wong ndesa sumure sat, padha gawe belik nang kali. Wong ndesa sing kreatif angger mangsa ketiga padha nggawe bata abang. Kasile bisa didol utawa dinggo mbangun umaeh dhewek. Angger wis rampung nggone nggawe bata, blumbangane diurug nganggo lungka sing dijiot sekang sawah. Seliyane kuwe ana uga wong sing nandhur ketela/ ubi jalar nang wedhi-ladhu sekitare kali. Kasile lumayan, gadhong lunge bisa dijangan mbening, ketela-ne bisa didol utawa dipangan dhewek nggo nyangga mangsa ketiga. Tanduran kaya budin, kimpul, uwi, gembili karo pala pendhem liyane panen-ne nang mangsa ketiga kiye. Tumrap wong sing ingu-ingu, ketiga kuwe mangsa sing paling angel jalaran langka suket. Suket padha mati, arep ramban ya godhongan padha garing. Mulane regane wedhus dadi murah. Angger mangsa ketigane dawa biasane dijenengi mangsa paceklik. Wong tani persediaan beras-se mulai padha entek. Dadine mulai nempur utawa tuku beras nang pasar. Angger arep irit mangane dicampur inthil.
Kaya kuwe kurang lewieh gambaran penguripane wong ndesa digatukena karo mangsa. Kena percaya kena ora. Angger durung tau nglakoni ora percaya mbok. Angger anak pegawai kayane ora nglakoni crita kaya kiye, ning angger anake wong tani mungkin tau ngalami.
Suwarto Kartadiraja
Karangkemiri Kulon,
Lor Pasar Karanganyar
Kamis, 30 Juni 2011
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar