Kamis, 27 Mei 2010

Reportase Kopdar Wisata Taman Mini 25 April 2010




Dina Jemuah aku ditilpun nang kang Carlos Karsono nakokena bisa melu kopdar Taman Mini apa ora. Nek dideleng kan calon peserta sing saguh mangkat, kayane sing ndaftar nembe sethithik kurang lewih rong puluhan. Setu malem minggu aku di SMS nang carike kang Haris, ya takon maning bisa melu kopdar apa ora. Jawabanku ya ndeleng-ndeleng situasine dhisit, mergane gubuk-ku lagi madul-madul direnovasi, dadine ora bisa janji teka. Seminggu sadurunge aku ya wis crita meng bojo karo anakku nek arep ana acara kopdar wisata wong Bumen-nan. Anak bojoku pengine ya melu bae ben sekaliyan refreshing.

Malem minggu anakku mandan sumeng, marekena bingung sida mangkat Taman Mini apa ora. Minggu esuk anakku bolak balik takon bae sida meng Taman Mini apa ora. Anggere sehat rekane aku arep ngeterna anak bojoku berenang nang Taman Mini, sementara aku melu acara kopdar wisata Bumenan. Arep mangkat aku ya mandan aras-arasen mbok malah dadi mriyange anakku. Ning jenenge bocah cilik, malah ngadreng bae njaluk melu lunga meng Taman Mini. Rekane arep mangkat dhewek, sidane malah mangkat kabeh sekeluarga wong telu.

Mangkat sekang ngumah ya wis awan kurang lewih jam 10 seprapat. Sekang Bekasi nuju arah Bantar Gebang, Narogong, Jatiasih, Jatikramat, Pondok Gede, Lubang Buaya jog pintu utama Taman Mini. Nang ndalan ndilalah sendale anakku tiba wektu turu nang honda (motorku Suzuki). Dadine pas tekan nang Taman Mini, tujuan pertamane nggolet sendal dhisit nggo anakku. Wis muter-muter adoh koh ya ora ana sing dodolan sendal. Nggolet sendhal nyambi nggoleti lokasi Kopdar sing sengertiku nang ngarep anjungan Yogyakarta. Pas ngliwati anjungan Yogyakarta kan ndalan aku ndeleng arah tengen, kopdar wis dimulai. Luraeh lagi pidato, mbuh acara pembukaan mbuh apa. Aku nerus-na laku nggolet sendhal. Sidane pas tekan parkiran sebelaeh tugu api ana sing dodolan sendhal. Ora pilih-pilih suwe sendhal dituku.

Terus muter maning arah anjungan Yogyakarta sing mau wis diliwati. Ora suwe tekan nang lokasi kopdar, kurang lewih jam setengah 12. Pas agi markir honda aku ditekani nang Kang Prayit karo Kang Slamet. Nang panggung wis ana kang Eko Java karo kang Arif sing lagi dhangdutan. Lokasi kopdar persis nang ngarep Ajungan Yogyakarta, kidule Samudra Indonesia (pinggiran danau kepulauan Indonesia). Teka nang lokasi terus salaman karo kanca-kanca sing wis teka dhisit. Sing teka antarane kang Agus Setyabudi, kang Sujiko Agus, carike Haris, Luraeh Marsikin, Carlos Karsono, kang Ali Makhfud, kang Raden Miswadi, kang Wancox, kang Rohman Ngabdullah, kang Suwandi Raharjo, kang Budiarto, Yu Wiwik, Yu Lusy, Yu Mirah, Yu Eka Prawati, Yu Antarini. Wis mandan aso terus absen karo mbayar iuran meng Yu Mirah. Absen-ku kurang lewih nomer urutan 22. Ujarku aku peserta terakhir sing teka, ora ngertia ora let suwe kang Maino karo garwane teka. Ora let suwe maning kang Jadul ya teka dhewekan ora nggawa buntut sijia. Sing absen kurang lewih wong 24. Angger dirata-rata siji kepala keluarga nggawa kanca siji, dadine pesertane kabeh kurang lewieh seket punjul.

Sekang panggung MC-ne kang Eko Java karo kang Arif wis rampung nggone padha gudrilan. Acara diterus-na perkenalan anggota milis. Diwiwiti perkenalan perabot kelurahan, Luraeh, Carike, Bendaharene, nembe wargane siji-siji miturut urutan nomer absene. MC-ne Eko Java ngundang tuk siji siji warga milis Karmen sing kon ngenalna awake dhewek. Sementara sing nang panggung ngenalna awake dhewek, seksi konsumsi mulai mbagi-mbagi sega kothak. Sing wis munggah panggung kenalan, karo wis ulih jatah sega kothak, bisa nyambi mangan awan. Ora let suwe perkenalan-ne rampung, wektu wis mlebu jam rolasan. Carike mutus-na break nggo istirahat, sholat, mangan. Sebagian ana sing nerus-na mangan, sebagian ana sing sholat nang musholla anjungan Yogyakarta.

Rampungan sholat kurang jam setengah siji acara diterus-na maning. Kang Arief, kang Eko Java karo penyanyi Campur Sari-ne nembang lagu “Manunggu”-ne Ridho Irama. Bar kuwe Luraeh tampil nembang lagu “ Ojo sok gampang dadi wong manis yen to amung Lamis”. Bar luraeh tampil, ora gelem kalah kang Wancox ya munggah panggung, nembang lagu dhangdut sing mbuh judule apa, ning inti lagune njaluk kawin (wis duwe bojo 1, anak 1 koh njaluk kawin maning?). Janjane pengin melu munggah panggung ning lagune dhangdut karo campur sari kabeh dadi ora bisa.

Bar gudrilan terus ana acara game joged balon berpasangan. Ning mergane aku ana perlu kira-kira jam 2 awan aku pamit bali meng carike karo-kanca-kanca liyane. Sekang Taman Mini aku silaturahmi meng sedulur nang Kampung Rambutan karo Jatibening. Tekan ngumah maning kurang lewih jam 5 sore.

Pancen nek dideleng sekang jumlah peserta, kopdar kiye paling sethithik pesertane. Ning tetep ora ngurangi kemeriahan karo ramene kopdar sing tetep semedulur. Miturut aku kayane jalarane pesertane sethithik, merga kecepeten nggone ngrancang kopdar ( nek ora salah rong minggu dadi, woro-woro mung seminggu ). Angger mandan suwe nggone woro-woro paling ora sewulan utawane karo tengan wulan, kayane pesertane bakal lewih akeh. Ning kepriwe bae aku tetep salut karo luraeh, carike, prabot liyane lan kabeh warga milis sing wis kersa rawuh nang acara kopdar Wisata Taman Mini. Ora baen-baen lah pokok-ke…..

Suwarto Kartadiraja
ramane_hatta@yahoo.com
Karangkemiri Kulon, Lor Pasar Karanganyar

Tidak ada komentar: