Selasa, 22 April 2008

NGGOLET MANUK

Salam paseduluran,

Jenenge perantau wis puluhan taun, suwe-suwe tek rasakena akeh istilah-istilah basa jawa sing wis mulai kelalen. Dadine nyong mulai mbiasakena ngomong basa ngapak maning ben ora kelalen lan kelingan maning. Lagi seneng ngeling-ngeling kedadiyan jaman gemiyen, nyong arep crita pengalaman nggolet manuk.

Jaman cilikane nyong, ndesaku tesih akeh wit-witan. Nek akeh wit-witan otomatis manuk uga akeh. Ning sing paling akeh terutama, manuk peking utawa emprit. Manuk peking sing nyong tesih kelingan ana telu jenise. Peking Biasa, Peking Bondol, karo Peking Kaji. Ning sing jenenge peking bondol karo kaji siki wis langka banget, sing tesih akeh ya peking biasa. Biasane manuk peking angger nyusuh(nggawe omah) nang wit sing mandan dhuwur tur nggrumbul. Angger arep ngakali manuk peking mbiyen nyong gawe perangkap sekan debog gedang garing utawa tali rafia sing dianyam. Lha mengko nek perangkape wis dadi terus dilebokna nang njero susueh manuk, karo dijiretna meng pang sing mandan kuwat. Lha nek manuke mlebu mesti terperangkap nang njero susuh. Ning kudu sering niliki, nek suwe ora ditiliki, bareng ditiliki manuke wis mati.

Seliyane peking kaji sing jaman bocahanku populasine lumayan akeh ya manuk manyar. Manuk manyar panganane gabah. Ning nggone nyusuh nang wit pucang (palem). Lha mbiyen aring kecamatan Karanganyar ngarep STM Bina Karya akeh banget wit pucang. Nang ndhuwur gemrandul susuh manuk manyar. Angger nggolet manuk manyar ya mlintheng nang kana. Kerep gara-gara salah posisi nggole mlintheng watune ora ngenani manuk manyar, ning malah nibani gendheng kantor kecamatan. Dadine diburu-buru nang pegawe kecamatan. Bola-bali diomeih karo diuber-uber, ning ya ora kapok-kapok luh... Angger ora ulih manuk, nang dalan balike biasane karo mlinthengi pakel-le wong, dasare bocah ndesa mandan nggragas tur nggrathil.

Kejaba peking karo manyar, manuk kampret karo kalong uga akeh. Kampret biasane kethanthilan nang wit krambil. Tapi uga ana sing manggone nang njero pupus wit gedang. Nek ora salah jenise ana telu, kampret buah sing panganene buah (sebangsa codhot) awake mandan coklat lodob, kampret lemut, sing panganene lemut, bentuke cilik tur lewih ireng, karo siji maning sing jenenge kalong sing pawakane paling gedhe. Nek kalong lewih seneng manggon nang alas, utawane gunung sing akeh wit-witane.

Lha angger nang sawah ana manuk sing jenenge blekok. Kelinganku jenise ya blekok putih karo blekok lodong sing wulune coklat. Ana jenis liyane sing nek nang desaku jenenge pitik-pitik-an, rupane ireng, ndhuwur cucuk mandan abang ning werit banget. Ana maning sing jenenge kurwok. Siji maning nyong kelingan sing jenenge gemek, angger umpetan ndhepepes nang lemah, ning bareng edhek meh kepidek nembe mabur......pleper.

Lha angger manuk piaraan kaya kethilang padane wis duwe siji, arep ngakali kethilang liyane sing mampir meng kandhang, ya mung gari dikalari sikile, dibukak lawange. Biasane kethilang sing nang njaba melu mlebu meng kandhang, gari ditutup lawange.

Kejaba mlintheng karo nungkrup, nggolet manuk uga bisa nganggo cara ngobor nek mbengi. Dadi nek mbengi manuk kan padha ngaso. Nek nang sawah biasane ngasone menclok nang wit budin. Angger mbengi manuk disenteri matane karo batere kan ora bisa bisa ndeleng. Dadi mung gari nyekel manuke.

Ning ana siji maning cara nggo ngakali manuk terutama manuk dara. Angger ana dara mabur terus diklepeki karo dara wadonan. Nek ora ana dara wadon, ya karo celana utawa gombal diumbul-umbulna. Biasane darane nek weruh terus muter-muter, ora let suwe terus mudhun. Lha nek wis mudhun mung gari main teknik nggole ngakali, arep diempani terus ditungkrup utawane diplintheng bae. Ning kiye mandan mbebayani. Wong gawene sing nduwe terus nggoleti nek ketemu terus dilakoni nganti gelut ben darane mbalik.

Wis dhisit ya sedulur nggone nguna jaman mbiyen. Jajal mbok sedulur duwe crita sing meh padha utawane lewih menarik dishare karo warga milist karanganyar. Anu nyong wong ndesa sih, dadine critane ya ndesa banget.....


Matur nuwun sedulurs,
Ramane Hatta (Suwarto Kartadiraja)

4 komentar:

Dummies mengatakan...

Apal jeneng manuk mbarang ika ya kang....mampir kiye lah

Ramane Hatta mengatakan...

Ya jenenge bae wong ndesa apa bae sing ndeso ya ngerti. Suwun Kang Umbul wis niliki umahku. Anu kiye wis mandan suwe durung posting maning

Unknown mengatakan...

oke

Unknown mengatakan...

kang no email sampean pira yah , kanggo tukar pikiran , aku wong ginandong , aku enggko cerita jaman cilik lewih susah matur nuwun yo suminarso , semampir ginandong .