Selasa, 22 April 2008

GUNUNG

Salam paseduluran,

Lagi kepengin ngeling-ngeling jaman gemiyen, nalikane tesih bocah, ujug-ujug kelingan tema gunung. Nek wingi enyong nulis tema kali, siki arep njajal nulis tema gunung. Nang desane enyong Karangkemiri definisi gunung kuwe daerah sing sa-ndhuwure kali Proyek (aliran/saluran kali dari sumber Waduk Sempor/Proyek Serbaguna Kedu Selatan untuk irigasi persawahan).

Ramaku asale wong gunung alias lor kali proyek, biyungku wong kidul kali proyek. Mergane mbahku wong gunung ya akhire gelem ora gelem dadi kerep munggah mudhun gunung. Angger munggah gunung rasane kesel banget, awake byuk-byukan kringetan nganti bajir, sikile rasane nganti thiyel kaya anu arep mrotholi. Gole mlaku rasane wis suwe banget, ning nyatane ora tekan-tekan nang tujuane. Ning sewalike nek mudhun gunung, rasane kaya ana sing njorogna sekang mburi, dadi mlakune lewih cepet, sedhela bae wis tekan tujuane.

Jaman cilikane enyong, gunung sing paling kerep diunggahi (didaki) ya kae Gunung Cemara. Fotone Mas Anung sing di-shoot sekang kulon sekolahan Panjatan, madhep ngalor back ground-ne Gunung Cemara. Enyong kerep munggah gunung Cemara, jalarane kancaku dolan sedulure akeh sing nang Kaliurang (sangisore Cemara). Dadi nek lagi dolan menyang sadulure kancaku ya sekaliyan munggah meng puncrit Cemara. Nek pas munggah gunung Cemara nang ndhalan kencoten, biasane ya ora kurang akal, mbedhul budin dipangan mentah ya rasane enak nggo ngganjel weteng. Nek wis tekan pucak biasane padha opor-opor(mbakar) budhin utawane kimpul. Nang puncak cemara uga ana wit buah-buahan kaya dhuwet, sawo kecik karo pakel. Jenenge bocah kencoten apa bae ya dipangan, nggragas lah pokoke. Nang gunung Cemara kuwe uga ana siji sendang (danau) sing jenenge Curug. Dadi seliyane munggah gunung biasane karo sekaliyan adus(renang) nang Sendang Curug. Sendang Curug kuwe ana grojogane gedhe. Miturut critane sendang Curug ora tau sat, ana banyune terus. Miturut crita mistis penduduk sekitare, sendang curug jarene nyambung nganti sekang Karangbolong. Ana penunggune sidhat raksasa. Kadang ana sing kecelakaan, ketilem nang sendang Curug. Nek wis kaya kuwe biasane digathuk-gathukna karo crita mistis mau. Mulane enyong mandan wedi angger lagi renang, nek kelingan crita mistis kuwe. Sekitare sendang uga akeh wit dhuren. Sing paling ditunggu nek lagi mangsa duren, biasane ana duren mateng sing tiba sekang wite. Rejeki temenen kuwe ketiban duren runtuh. Angger wis kadhemen nganti nggigil biasane nembe padha mentas. Pemandhangan sing apik nang sekitare gunung cemara ya kolam-kolam iwak sing diingoni iwak mas karo mujair. Banyune bening banget, seger, kadang nek wis ngelak banget, nekat ngumbe banyu belik sing bening. Nang Gunung Cemara ana cekdam (bendungan), nggo nampung banyu nggo keperluan warga sekitar gunung. Saiki mbuh kaya apa kahanane wong wis 15-an taun lewih ora tau munggah gunung cemara maning.

Seliyane gunung Cemara enyong uga wis tau munggah meng gunung Condong. Critane wektu enyong kelas 4 SD remaja2 nang desaku padha ngrencana meng Gunung Condong pas bulan Puasa. Enyong
ngrayu kakangku ben ulih melu. Akhire enyong ulih melu. Jalur dalan sing diliwati, Karangkemiri ngetan, Palarangan, Candi ngalor, mbuh Karang Jambu apa Sidagung, ngalor maning tekan Giripurna. Sing enyong esih kelingan, sawise Giripurna ana hutan pinus, sawise pinusan ana dalan setapak sing mandan mringgani nek diliwati. Sateruse enyong wis kelalen jalure. Untunge cuaca wektu semana lagi mandan mendhung dadi puasane ya Alhamdulillah padha ora medhot. Sawise marem nang puncak Condong, terus mudhun gunung, balike liwat Karanggayam. Tekan Karanggayam ana sing balike mlaku ana sing nganggo colt Karanggayam-Karanganyar. Jaman siki jere Candi ngalor dalane wis apik bareng dibangun nang pak Suman, tapi ya mbuh enyong dhewek wis suwe banget ora tau ngambah dalan kuwe.

Crita masalah gunung enyong uga dadi kelingan jeneng-jeneng gunung nang sekitare Karanganyar.
1. Gunung Cemara, nang ndhuwure desa Wanareja, gunung favorit-e enyong.
2. Gunung Condong, nang daerah Karanggayam ngalor - ngetan, mbuh mlebune wilayah ngendi
3. Gunung Grenggeng, nang lor Kemit
4. Gunung Buthak, paling jelas nek disawang sekang desaku.
5. Gunung Tumpeng, bentuke persis tumpeng (kerucut) nang Karanggayam kidul nek ora salah
6. Gunung Sewu, ana sing nyebut gunung gamping, posisine nang daerah Gombong ngidul.
7. Gunung Mahameru, daerah Rowokele ngalor.
8. Gunung Sindoro - Sumbing, nek ora salah sekan Sruweng lan wetane nek ndeleng ngalor ngetan cuaca lagi apik biasane keton.
9. Gunung Slamet nang Purwokerto, bisa keton jelas nek cuaca lagi cerah.

Anu lagi bocah mandan kerep munggah gunung, bareng nduwe bojo ternyata ulih wong pereng gunung, tepate pereng Gunung Lawu, Ngawi Jawa Timur. Angger lagi bali nang nggone bojoku pas mangsa ketiga, biasane gunung Lawu abang kaya ana genine. Jarene penduduk setempat nek lagi musim ketiga ana bae kebakaran nang sekitare puncak Lawu.

Wis dhisit critane ya sedulur. Moga-moga dadi ana sing padha kelingan jaman kuna. Siki enyong lagi mandan seneng nguna. Ning enyong njaluk ngapura karo founder, pengurus milis karo kabeh warga milis Karanganyar Kebumen, nek tulisan kaya kiye ora ana gunane utawa malah mung ngebek-ngebeki milis thok.

Matur nuwun sedulur kabeh,
Ramane Hatta (Suwarto Kartadiraja)

Tidak ada komentar: