Selasa, 22 April 2008

KALI

Salam paseduluran,

Jalaran omah wong tuaku nang pereng kali, lor pasar Karanganyar, inyong dadi pengin crita masalah kali. Jaman cilikanku wektu tesih SD saben dina sabane nang kali. Tujuane werna-werna sing arep dus-dusan, mancing, nggolet iwak, nggolet watu utawane mbuang hajat. Ning jenenge bocah cilik senenge ya dus-dusan nganti matane abang. Nek durung diparani wong tuwane, dipenthelengi utawane digebuki ya ora mentas-mentas. Malah kadang ora kelingan wektu karo cuaca, sementara langit ndhuwur Karanggayam wis ireng ya tesih pada nekat dus-dusan nang kali. Nganti tau salah siji kancaku kegawa banjir gara-gara ora sadar nek aring gunung udane gede dadi banjire cepet banget.

Senenge dadi wong sing urip nang pinggir kali ya nek mangsa ketiga, kali biasane sat, nggolet iwak gampang. Carane ya bisa mancing, rogoh, tawu, nyamber utawane nyetrum. Tapi saya suwe wong-wong ndesa pada mblubut. Kali dipotas utawane diendrin dadi iwake pada mabok kabeh. Ning jenenge wong ndesa ora ana kesadaran masalah lingkungan, angger kaline cethek pada urunan tuku potas utawa endrin. Nek kaline lagi sat wong daerahku ya pada seneng wong nek arep pasar dadi gampang, kari nyabrang kali wis tekan jalan Kartini, ngidul lewat SMP Masehi gutul pasar. Kaya inyong dhewek ya dadi kepenak nek mangkat sekolah meng SMP 1 Karanganyar. Lha wong tembok mburi SMP 1 keton nek dideleng kan jendela omahku.
Susaeh dadi wong pinggir kali ya nek mangsa udan kerep banget banjir, senajan banjire mung sedhela ning ya tetep bae rasane nlangsa. Banjire jalaran kaline luber utawane sing paling sering ya tanggule bedah utawa dedel, lha wong tanggul kali sing nang desaku paling kandele mung semeter, sementara tanggul Karanganyar 15-an meter isine papringan thok. Dadi saben taun ya nglokro kena banjir terus. Ning jaman awal 90-an, alhamdulillah kali dibronjong dadi ora tau banjir maning, anggera banjir paling ya banyu mlewed.

Crita-crita masalah kali, inyong dadi kelingan jeneng-jeneng kali nang daerah sekitar Karanganyar.
1. Kali Karanganyar, kali kidul omahku sing penuh kenangan jaman cilikanku.
2. Kali Banda, kali sing apik nggo nyamber jalaran akeh iwake.
3. Kali Jebug, kali sing akeh watune, nek arep mbangun omah nggolet watune nang kana.
4. Kali Abang, kali sing nggo pertumpahan darah jaman perang kemerdekaan.
5. Kali Kethek, kali sing nggo mbuang korban petrus jaman taun 80-an.
6. Kali Bangkong, kali antarane Karangkemiri karo Plarangan.
7. Kali Jomblang, kali nggo nggolet suket jamane inyong tesih ngarit.
8. Kali Tengah, kali nggo ngapa ya....?
9. Kali apa maning ya.....?

Wis semene dhisit critane ya sedulur kabeh. Insya Allah ngesuk disambung crita nguna sing liyane. Jajal sedulur apa padha dhuwe kenangan masalah kali?

Matur nuwun sedulurs,
Ramane Hatta (Suwarto Kartadiraja)

Tidak ada komentar: