Kamis, 30 Juni 2011

MANGSA

Tumrape wong ndesa, nek ngomong bab mangsa, umume wong ngertine ana loro mangsa. Yakuwe mangsa rendheng karo mangsa ketiga. Mangsa rendheng, tandha-tandhane akeh mudhun udan, gawene malah banjir. Angger mangsa ketika tandha-tandhane panas dawa, ora tau udan, lemah garing padha mlethak.

Angger dimat-na lewih awas, janjane mangsa utawane musim bisa dibagi dadi 4 mangsa. Urut-urutane yakuwe : Mangsa Pelabuh, Mangsa Rendheng, Mangsa Mareng karo sing terakhir Mangsa Ketiga. Papat mangsa kuwe muter terus, gantian siji-siji, pelabuh nganti ketiga, ketemu pelabuh maning sing dijenengi siklus mangsa.

Ayuh dibahas siji-siji 4 mangsa kuwe:

1. Mangsa Pelabuh

Tandha-tandhane mangsa pelabuh:
- Mulai ana udan
- Suket mulai padha thukul
- Godhong wit-witan padha mulai semi
- Lemah mulai teles
Angger mangsa pelabuh teka, wong ndesa padha mulai persiapan nggarap sawah. Tegalan utawane galengan mulai dipanjani jagung. Budin karo ketela mulai ditandur. Wong tani biasane
mulai tuku winih sing apik, sing arep disebar nang sawah. Nek udan-ne wis mandan gedhe,
banyu sawah mandan akeh, nembe gawe leleran loro utawa telung dapur nggo nyebar winih.
Mangsa pelabuh, wong sing padha ingu-ingu wedhus, kebo utawane sapi ya mulai semringah.
Jalarane suket mulai akeh, dadi nggone nggolet pakan wedhus, kebo, sapi ora kangelan maning kaya jaman ketiga winginane.

2. Mangsa Rendheng
Tandha-tandhane mangsa Rendheng:
- Udan saben dina
- Angger udan gedhe bledheg utawa gludug-ge ngampar-ngampar utamane mangsa ke sanga
- Kali, kalen, sawah, belik banyune nganti luber
- Sumur banyune cethek, nimbane dadi gampang
- Angger udan gedhe ora kebener tanggul bisa jebol dadine banjir
- Wit-witan godhonge thukul lagi lemu-lemune
- Dalanan nang ngendi-ngendi cebrik alias becek
Angger mangsa rendheng teka wit-witan lagi subur-subure, godhonge ijo royo-royo. Angger udan gedhe sing umaeh sekitar kali biasane menangi kebanjiran utawane paling ora banyu kaline bisa mlewed dadine keluberan. Angger udan bae enake ya mangan karo medang kopi. Budin bakar be rasane enak banget. Sawah banyune mandan jero, angger panen dadi kecobrokan. Kanggo sing ngingu wedhus-kebo-sapi suket lagi akeh akeeh, dadi ingon-ingone bisa lemu-lemu.

3. Mangsa Mareng

Tandha-tandhane mangsa Mareng:
- Udan tesih ana pisan pindho
- Garempung karo kinjeng tangis mulai moni bae
- Angger panas awan mulai gelem dawa
- Lemah mulai garing mandan gersang
- Wit-witan godhonge mulai padha ambrol, utawane wit jati karo mahoni
- Dalanan garing mulai akeh bledug-ge
Mangsa Mareng teka wit-witan ngambrolna godhonge. Panase gelem mandan dawa. Sumure mulai mandan jero. Kali,kalen sawah banyune mulai susut, anane nang permukaan-ne thok. Angger sawah tesih ana parine, nggolet iwat kepenak banget mung gari dibiak tanduran parine terus digoleti sing tesih ana banyune. Iwake ngumpul nang clekedhokan kuwe kabeh. Gari ndikepi thok. Panen ketiga biasane nang mangsa kiye. Bar panen bisane sawaeh terus disebari kacang ijo, utawane dipanja-ni kedele.

4. Mangsa Ketiga

Tandha-tandhane mangsa Ketiga:
- Ora ana udan babar blas
- Lemah mulai garing atos nganti padha nglungka utawane mlethak-mlethak
- Angger awan panase nggepret
- Angger mbengi adheme ngepol
- Angger esuk-esuk ana kremun utawane kabut
- Sumur banyune gari sethithik utawane sat nggereng
- Wit-witan godhonge padha ambrol kabeh, malah ana sing nganti garing
- Suket padha garing
- Dalanan garing akeh bledug-ge
- Akeh wong padha belekan
Nang mangsa ketiga, hawane panas banget angger awan, ning adhem banget angger wengi. Banyu mulai langka. Sing wong gunung belik-ke padha sat, dadi kudu nguyang nggolet banyu nang ndesa. Sing wong ndesa sumure sat, padha gawe belik nang kali. Wong ndesa sing kreatif angger mangsa ketiga padha nggawe bata abang. Kasile bisa didol utawa dinggo mbangun umaeh dhewek. Angger wis rampung nggone nggawe bata, blumbangane diurug nganggo lungka sing dijiot sekang sawah. Seliyane kuwe ana uga wong sing nandhur ketela/ ubi jalar nang wedhi-ladhu sekitare kali. Kasile lumayan, gadhong lunge bisa dijangan mbening, ketela-ne bisa didol utawa dipangan dhewek nggo nyangga mangsa ketiga. Tanduran kaya budin, kimpul, uwi, gembili karo pala pendhem liyane panen-ne nang mangsa ketiga kiye. Tumrap wong sing ingu-ingu, ketiga kuwe mangsa sing paling angel jalaran langka suket. Suket padha mati, arep ramban ya godhongan padha garing. Mulane regane wedhus dadi murah. Angger mangsa ketigane dawa biasane dijenengi mangsa paceklik. Wong tani persediaan beras-se mulai padha entek. Dadine mulai nempur utawa tuku beras nang pasar. Angger arep irit mangane dicampur inthil.

Kaya kuwe kurang lewieh gambaran penguripane wong ndesa digatukena karo mangsa. Kena percaya kena ora. Angger durung tau nglakoni ora percaya mbok. Angger anak pegawai kayane ora nglakoni crita kaya kiye, ning angger anake wong tani mungkin tau ngalami.

Suwarto Kartadiraja

Karangkemiri Kulon,
Lor Pasar Karanganyar

Senin, 27 Juni 2011

MBURU MONTOR MABUR

Jaman SD awal taun 80-an, klebu jaman sing durung maju. Lumraeh bocah ndesa ya gumunan karo sebarang apa bae sing mambu teknologi. Montor tesih langka, honda nembe siji loro sing nduwe. Kendaraan sing paling umum diduweni wong ndesa ya mung pit, kaya pit jengki, pit kumbang utawane pit lanang. Enyong tesih kelingan jaman SD sekolaeh mlaku kurang lewih jarak 4 kilometer sekang ngumah. Mlakune nyeker maning, ora nganggo sepatu, wong sepatu jaman kuwe regane tesih larang dadi ora ketuku.

Wong jaman tesih durung maju, angger ana montor mabur liwat ya padha ndeleng meng langit mbok menawane keton. Ning sing paling sering ya mung krungu suarane thok. Mergane montor mabure mabur dhuwur banget, dadi anggere keton ya mung cilik menthik, kerep-kerepe malah ketutup mega. Malah angger nggone nggoleti montor mabure mung dasare suarane sing seru, kerep-kerepe ora bisa keton. Wong montor mabur saking cepete nggone mabur suarane ditinggal nang mburine. Dadi suarane tesih krungu nang nduwur kuping, ning montor mabure wis adoh nang ngarepe ninggalena suarane.



Sing paling ragab, angger ana montor mabur sing mabure endhep. Ndeleng thok be rasane wis marem banget. Jaman kuwe angger ana montor mabur jenis helikopter sing mabur endhep, terus muter-muter mandan suwe, wong ndesaku mesthi padha siap-siap mlayu meng lapangan/ alun-alun Karanganyar. Ora peduli lagi mangan utawane lagi dolanan, bocah cilik, cah enom, wong tuwa padha rebutan balapan mlayu meng alun-alun Karanganyar. Wong anu nyebrang kali, kathok klambine teles ya ora peduli. Sing penting bisa ndeleng helikopter mudhun nang alun-alun Karanganyar. Tekan alun-laun biasane ngos-ngosane ora patut, ning rasane seneng pol tur lega bisa ndeleng cedek helikopter mudhun. Bar helikopter mudhun, tamu agunge ya mudhun balik meng umaeh nang sisih wetan lor alun-alun Karanganyar. Wong-wong ndesa klebu enyong dhewek padha nyawang helikopter kan cedekan. Nang njero ati mbatin kapan ya nyong bisa nunggang montor mabur kaya kuwe. Mbayangna rasane kepenak banget mestine, lha wong nunggang sepur barang bae rasane kepenak. Wong-wong padha nunggone nganti helikopter mangkat maning. Biasane tamu agung kuwe ora patia suwe nggone mampir kondur nang Karanganyar. Pas arep take off, angin sekang baling-balinge/kitirane helikopter gedhe banget. Saking gedhene, nganti bisa maburna plastik karo godhong garing sing ana nang alun-alun Karanganyar.


Sapa sih janjane tamu agung sing gawene kondur meng Karanganyar nganggo montor mabur helikopter? Ora salah ora liya, yakuwe Almarhum Laksamana Penerbang (Purn) Rusmin Nuryadin. Beliau salah sijine wong Karanganyar sing sukses duwe jabatan penting nang pemerintahan. Jabatan sing tau dicekel antarane tau dadi Kepala Staf Angkatan Udara, Mentri Perhubungan karo Duta Besar RI untuk Australia. Dasare wong tau duwe jabatan paling dhuwur nang Angkatan Udara ya wajar bae angger konduri ngumah nganggo helikopter. Apamaning jaman semana piyambake dadi Mentri Perhubungan Republik Indonesia.

Dadi jaman semana angger ana helikopter mabur endhep, terus muter-muter mandhan suwe, kuwe pertanda Pak Rusmin kondur. Ora usah diprentah wong tuwa, cah nom, bocah cilik nang ndesaku pada balapan mlayu meng alun-alun Karanganyar mburu montor mabur. Mung arep ndeleng montor mabur helikopter.

Suwarto Kartadiraja
Karangkemiri Kulon,
Lor Pasar Karanganyar

Kamis, 23 Juni 2011

SEPUR - SEPURAN

Desaku Karangkemiri termasuk edhek sekang tapsiun(stasiun) Karanganyar. Jarak paling edhek meng umahku kurang lewih 1 kilometer. Saben wektu angger ana sepur liwat mesti krungu suarane sepur sing lagi mlaku nang ril-le. Kanggo wilayah Kebumen tapsiun Karanganyar termasuk tapsiun gedhe seliane tapsiun Gombong karo Kebumen.

Jenenge bocah ndesa pancen gumunan. Jaman SD tahun 80-an rata-rata kancaku wis padha tau mrasani nunggang sepur. Kanca kancaku rata-rata padha duwe dulur nang Jakarta utawa Surabaya. Dadi angger mangsa prei-an sekolah padha bisa dolan meng nggone dulure nang Jakarta utawa Surabaya sing otomatis lungane nunggang sepur. Enyong dhewek jaman semana ora duwe dulur nang kota, dadi ora tau mrasani sing jenenge nunggang sepur.

Pucuk dicinta ulam tiba, agi pengin-pengine mrasani nunggang sepur, kanca dolanku ngajak enyong sepuran. Pertamane dolan mlaku meng tapsiun. Suwe-suwe kancaku ngajak munggah sepur jurusan ngulon. Pertama nunggang sepur nunggange sepur barang, nang sambungan antarane gerbong, bisa ngadeg bisa njangong. Nunggang sepur barang bae rasane ser kepenak banget. Mudhune nang tapsiun Gombong sing jarak-ke sekang Karanganyar kurang lewih 8 kilometer. Setekane tapsiun Gombong terus ngaso sinambi nunggu sepur sing kan kulon jurusan ngetan nggo balik nang Karanganyar. Ngetane arep nganggo sepur biasan, jalarane angger nunggu sepur barang maning mbuh jam pira anane, bisa-bisa ngesuk nembe ana. Ora suwe sepure teka, enyong karo kancaku munggah meng sepur. Rasane dheg-dhegan ora patut, yang seneng ya wedi. Senenge bisa mrasani nunggang sepur sing ternyata rasane kepenak. Wedi-ne mbok nganti ditangkep nang kondektur gara-gara ora nduwe karcis. Ning Alhamdulillah nganti mudhun nang tapsiun Karanganyar ora pemriksaan karcis. Slamet tekan Karanganyar maning.

Sepisan nunggang sepur rasane seneng terus pengin maning. Angger prei dina minggu pengin-ne dolan meng tapsiun, sepur-sepuran. Awal-le Karanganyar - Gombong, suwe suwe wani Karanganyar - Kebumen. Tambah suwe tambah dina wani Karanganyar Sumpiuh. Paling adoh nganti tapsiun Kroya angger arah ngulon. Angger arah ngetan paling adoh tekan tapsiun Kutoarjo. Jalaran saking kerepe sepur-sepuran, suwe-suwe dadi kebiasaan. Ning syukur banget sedawane sepur-sepuran durung tau kewenangan nang kondektur dipriksa karcise. Dadi slamet terus.

Ana sensasi sing ora bisa diklalen-ni sesuwe-ne sepur-sepuran. Angger nyepur arah Sumpiuh utawane Kroya, sekulone tapsiun Gombong ngliwati trowongan IJO. Pas ngliwati trowongan IJO peteng ndhedhet banget, terus suarane gemrubuk banget, wektune ya mandan suwe kurang lewih semenit. Mbayangna nggawene trowongan wong Landa pancen ya pinter, embane jaman kuna lereng wis bisa nembus gunung digawe trowongan sing dawane 580 meter kanggo jalur ril sepur. Terowongan Ijo kuwe ya wis tau dadi background film nasional sing judule Kereta Api Terakhir.

Sepinter-pinter-re bajing mlumpat sepisan-pisan ya ngrasakena tiba. Wektu arep sepuran meng Kebumen enyong meh tiba kan sepur. Jalarane munggaeh mandan ragu-ragu. Sepur wis mulai mlaku mandan cepet, enyong nembe arep munggah. Gatholane meng gerbong kurang kenceng, terus tiba nyangsang nang kawat-kawat sing ana nang pinggir ril sepur. Untung mung lecet sethithik, untung ora tiba nang watu utawa ril-le. Untung kabeh lah pokoke, syukur Alhamdulillah banget ora cilaka. Mulai wektu kuwe enyong kapok, ora tau maning sepur-sepuran.

Wassalam,
Suwarto Kartadiraja
Karangkemiri Kulon,
Lor Pasar Karanganyar
Bumen