Selasa, 12 Juli 2011

NGRUNGOKENA RADIO



              Jaman taun wolungpuluhan radio mujudna alat komunikasi sing paling umum.  Tivi tesih langka. Sing nduwe tivi nang desaku paling nembe luraeh, carike karo juragan sing nduwe toko nang pasar Karangayar.Nek radio rata-rata siji keluarga nduwe radio siji.  Merek-merek radio sing beredar wektu jaman kuwe ya wis mulaih akeh. contone Philips, Toshiba, Unico, Telesonic,  Tjawang, National.  Wujude tesih radio tabung sing digawe seka plastik utawane campuran triplek.  Tipe gelombang radio-ne nembe ana MW karo SW.  Mulane ana istilah radio 2 band, 3 band, utawa 4 band.  Angger 2 band berarti MW karo SW, angger 3 band berarti MW karo SW1 + SW2, angger 4 band bertarti MW + SW1 + SW2 + SW3.  Radio gelombang FM babar blas durung ana.  Nang perkembangane istilah MW ganti dadi AM., nek  SW tetep ora berubah.

             Angger radio lokal kaya RRI, RSPD utawa radio lokal mengudarane nang gelombang MW.  Angger radio luar negeri sing adoh-adoh mancarna siarane liwat gelombang SW.  Sekelinganku mbiyen radio RRI sing bisa dirungokena nang Karanganyar antara RRI Purwokerto, RRI Yogyakarta, RRI Solo, RRI Jakarta, RRI Bandung, RRI Surabaya.  Angger radio lokal paling RSPD Indrakila.  Taun wolung puluhan akhir nembe ana Radio Bima Sakti Kebumen, Radio Bayu Sakti Kroya.  Angger radio luar negeri ana Radio BBC London, Radio Autralia, Radio Suara Jerman Deutsche Welle, Radio Suara Amerika VOA, Radio Nederland, Radio Jepang NHK, Radio Korea KBS.



















 
             Acara-acara radio RRI Purwokerto sing paling kerep disetel nang wong tuwaku antarane Kethoprak, Siaran Pedesaan, Wayang Kulit, Uyon-uyon, karo berita sing ana nang RRI samben jam.  Anu tesih cilik dadine ya mung melu nunut ngrungokena.  Angger jam 6 sore karo jam 8 mbengi saluran dipindah meng SW ngrungokena berita sekang Radio BBC London.  Gara-gara sering ngrungokena radio dadi apal jeneng-jeneng mentri, jeneng presiden karo perdana mentri luar negeri.  Jaman kuwe pemimpin sing paling terkenal sering metu jenenge nang berita yakuwe presiden Amerika Serikat Ronald Reagan karo pemimpin Unisovyet Mikhail Gorbachev. Angger berita sekang radio luar negeri lewih blak-blakan, merga ora ana sensor.

             Acara-acara sing paling disenengi sekang radio lokal yakuwe sandiwara radio.  Jaman mbiyen akeh banget judul sandiwara radio ning sing paling terkenal Saur Sepuh, sing jagoan utamane Brama Kumbara.  Angger sandiwara radio sing abadi, paling dawa umur tayange ya sandiwara radio RRI sing judule Butir-Butir Pasir di Laut.

             Pas mlebu jaman SMP akhir taun wulung puluhan, radio sing paling tek senengi ya radio luar negeri.  Acarane bervariasi, ana lagu-lagu barat anyar, berita internasional, ilmu pengetahuan, kuis utawa sayembara radio, pelajaran basa asing, kaya basa Inggris, basa Jerman, basa Jepang karo basa Belanda.  Acara sing paling nyenengna ya bingkisan lagu, saling ngirim salam karo lagu kanggo kanca-kanca di udara, nang seluruh Indonesia.  Angger wis kirim salam karo lagu liwat radio, biasane diterusna karo korespondensi utawane surat-suratan ben padha-padha kenale.  Biasane nggone ngirim kartu pos utawane surat nggo bingkisan lagu wis dikirim 2 wulan utawane 3 wulan sedurunge, ben wektune pas, ora kedhisitan utawane ketinggalan.  Saben radio luar negeri biasane nduwe alamat perwakilan kotak pos nang Jakarta, dadi angger ngirim surat utawane kartu pos ya meng kotak pos perwakilan Jakarta.  Angger ngirim langsung meng alamat luar negerine mesthi lewih larang biayane.  Sing nyenengna maning radio luar negeri kuwe royal-royal.  Angger dijaluki jadwal acara, sticker utawane brosur lan buku-buku pelajaran basa asing, biasane cepet dikirim, sewulan utawane karo tengah wulan wis ana balesan.  Kuis-kuis hadiaeh ya werna-werna, ana kaos, buku, kaset, radio receiver utawane dhuwit.  Enyong dhewek tau ulih hadiah dhuwit 50 Mark Jerman ping pindho alias 100 Mark Jerman sekang Radio Suara Jerman Deutsche Welle.  Alhamdulillah manfaate ya gedhe, gara-gara hadiah kuwe enyong dadi bisa melu study tour meng Jakarta. 

               Gara-gara ngrungokena radio luar negeri, tur gawene kirim-kirim lagu nang Radio Australia, jenengku dadi lumayan kerep disebut.  Jalaran kuwe ana kanca sing teka meng umahku sing niate arep mempersatukan pendengar radio luar negeri se-Kebumen.  Akhire kedata sekitar 7 wong sekabupaten Kebumen sing tergolong aktif ngrungokena radio luar negeri.  Dadi padha-padha kenale, angger ana wektu padha gantian silaturahim.  Udu sapa-sapa ning liwat radio gelombang pendek bisa ketemu, kenal lan dadi kanca.

              Ana siji kenangan sing ora bakal bisa dikelaleni.  Tanggal 25 Desember 1987 pas banget tanggal abang dina Natal.  Sedurunge wis niat ngesuk pas preian natal arep mlayu-mlayu, olah raga sing paling murah.  Jalure Karangkemiri - alun alun Karanganyar - Pasar Karanganyar - Panjatan - Kaliabang - Tugu Kemit.  Ket sore enyong wis mapan turu.  Esuk-esuk tangi turu, terus raup, terus ganti kaos - kathok, karo nganggo sepatu.  Terus metu mlayu-mlayu alon-alon.  Sedawane perjalanan ko kayane sepi banget.  Ana siji loro wong sing weruh enyong lagi mlayu-mlayu, kur ndelengna thok, semune mandan aneh. Enyong terus mlayu-mlayu ngliwati alun-laun karo pasar Karanganyar.  Pas nang kulon hotel aman ana wong loro lagi padha rondha nang pos, pas enyong liwat ngomong, "Kae bocah agi ngimpi apa yah?".  Enyong tesih terus mlayu bae nganti tekan Kaliabang.  Bareng tekan Kaliabang rasane wis lemes tur kesel, dadine mandheg dhisit mlayune, karo mlaku alon-alon.  Wong ujarku tesih peteng sidane enyong ora nerusna mlayu tekan Tugu Kemit, ning mbalik ngetan bali meng umah.   Ora let suwe enyong wis tekan ngumah.  Enyong penasaran janjane wektu kuwe nembe jam pira.  Tek jukut radione puter-puter gelombang durung ana penyiar sing nyebutna jam.  Kira kira limolas menit sawise nembe ana radio sing arep mulai siarane. "Inilah Radio Australia Siaran Bahasa Indonesia, Pukul 5 waktu Indonesia Timur bertepatan dengan pukul 4 Waktu Indonesia Barat", kaya kuwe penyiare ngomong.
Seehh jebule nembe jam 4 esuk, berarti enyong mau mlayu-mlayune jam 3 esuk, pantesan ana sing ngomong nek aku lagi ngimpi.  Kaya kuwe kenanganku pertama kali ngrungokena Radio Australia.

                Senajan jaman kuna, teknologi tesih durung maju, listrik durung murub, ning wawasan wis adoh meng ngendi-ngendi.  Kabeh kuwe berkat jasane siaran radio luar negeri.  Ana pepatah sing bisa nggambarna manfaate ngrungokena radio luar negeri," Dengan Telunjuk Jari Kita Bisa Berkeliling Ke Seluruh Dunia".
Jriji nggo nggoleti utawane muter gelombang radio-radio luar negeri  sing jangkauan-ne bisa dirungokena nang belahan dunia liyane.


Suwarto Kartadiraja
Karangkemiri Kulon,
Lor Pasar Karanganyar
Bumen

5 komentar:

Unknown mengatakan...

nyong menangi radio tahun 80 han gur 2 band, radione merk national, bodyne seka triplek coklat tutupe seka campuran serbuk press. mengko nek batune wis entek durung keburu tuku, batune di pepe dhisit trus di pasang maning. Gole nyetel 24 jam, ora ngrungokna nek pas sekolah thok. bali sekolah nganti turu nganti tangi ngrungokna radio terus. Indrakila RRI BBC, saking kesueh radione tahu di banting seporete nang biyunge, herane ora bejad...jajal radio jaman siki mesti wis bejadeee

Ramane Hatta mengatakan...

Barang-barang jaman mbiyen kualitas-se pancen bagus ya kang. Lha radioku bola bali kelebon kecoro, njerone nganti nieng-ngen ya tesih moni bae luh.

Cobacoba mengatakan...

dasare kupinge dijembreng angger lagi ngrungokna ya nden

Unknown mengatakan...

Yen radioku tuning pencari gelombang pedot taline,sidane radione tek bukak,anger ganti gelombang tanganku mlebu meng njero mesin muter muter barang sing bunder golet gelombang.

damar tetuka mengatakan...

Nek neng gombong ya jenenge radio suara karang bolong