Senin, 05 Mei 2008

(NggoeLing) : Uthi-Uthi lan sejenise

Nggo PengeLingan:

Uthi-Uthi
Karo lonthe Kewan sejenis, bedane gedhe karo cilik. Uripe nang lemah sing akeh sukete.

Bambung
Uripe nang wit krambil sing esih enom, nek wit krambil wis kena bambung biasane terus matine.

Umbuk-Umbuk
Kerjane nyurung-nyurung kotoran diunthuk-unthuk nganti dhuwur.

Kumbang
Manggone bisa nang wiwitan utawane nang njero pring garing, utawane nggerongi saka umah.

Jajal ditambaih maning nek sing tesih kelingan.

Salam
Suwarto Kartadiraja

2 komentar:

NAUFAL mengatakan...

hi hi mbukak mbukak blog kiye terus maca tulisan e inyong dadi isin. Ing ngatase pada nang Jakarta bae esih kersa nulis basa ngapak.
Inyong sing nang ndesa, nggunung maning malah urung tau nulis basa jawa.

Ngesuk tek sinau nulis kaya kiye ah. Idep-idep karo melestarikan basa ngapak.

Salam bae seka wong desa Peniron tanggane Kang Sugi. mampir nang gubugku www.penironku.co.cc ya Mbah..
Hidup Kebumen, hidup basa ngapak!

Ramane Hatta mengatakan...

Ben ora klalen maring asale dadi mbudayakena basa ngapak. Tek kira enyong wis tau mampir meng penironku.co.cc. Mengko kapan-kapan tek mampir maning. Matur nuwun umahku wis diampiri.