Rabu, 03 Juni 2009

Jeneng Jeneng Desa Nang Kabupaten Kebumen


Assalamua'alaikum Sedulurs,

Kebumen, salah sijine kabupaten nang propinsi Jawa Tengah, sing lokasine nang daerah laut kidul. Kabupaten Kebumen nduweni 26 kecamatan yakuwe: Adimulyo, Alian, Ambal, Bonorowo, Buayan, Buluspesantren, Gombong, Karanganyar, Karanggayam, Karangsambung, Kebumen, Klirong, Kutowinangun, Kuwarasan, Mirit, Padureso, Pejagoan, Petanahan, Poncowarno, Prembun, Puring, Rowokele, Sadang, Sempor lan Sruweng.
Sekang 26 kecamatan sing ana nang Kabupaten Kebumen, nduweni 449 desa.

Jajal apa rika tau krungu jeneng-jeneng desa kiye: Seliling, Kaibon, Entak, Lajer, Peneket, Srati, Mrentul, Geblug, Jladri, Rangkah, Ampih, Bocor, Brecong, Waluyo, Rahayu, Glontor, Langse, Pencil, Seling, Tlepok, Totogan, Wotbuwono, Lundong, Mrinen, Mangli, ORI, Serut, Rowo, Merden, Blater, Bagung, Pesuningan, Wagirpandan, Cangkring, Seboro? Senajan-na mbiyen tukang ngrungokna radio RSPD Indrakila, Bima Sakti, SKB utawane DVK, tetep bae akeh bae desa-desa sing asing, durung tau krungu jenenge. Angger kepingin ngerti, kiye jajal dimat-na jeneng-jeneng desa nang Kabupaten Kebumen, Karo sinambi dipriksa apa desane sampeyan wis mlebu kabeh nang daftar kiye:

Kecamatan ADIMULYO: Adikarto ; Adiluhur; Adimulyo; Arjomulyo ; Arjosari ; Banyuroto ; Bonjok ; Candi Wulan ; Caruban ; Joho ; Kemujan ; Mangunharjo ; Meles ; Pekuwon ; Sekarteja ; Sidamukti ; Sidamulyo ; Sugihwaras ; Tambakharjo ; Tegalsari ; Temanggal ;Tepakyang ; Wajasari

Kecamatan ALIAN: Bojongsari ; Jatimulyo ; Kalijaya ; Kaliputih ; Kalirancang ; Kambangsari ; Karangkembang ; Karangtanjung ; Kemangguhan ; Krakal ; Sawangan ; Seliling ; Surotrunan ; Tanuharjo ; Tlogowulung ; Wonokromo

Kecamatan AMBAL: Ambalkebrek ; Ambalkliwonan ; Ambalresmi ; Ambarwinangun ; Banjarsari ; Benerkulon ; Benerwetan ; Blengorkulon ; Blengorwetan ; Dukuhrejasari ; Entak ; Gondanglegi ; Kaibon ; Kaibonpetangkuran ; Kembangsawit; Kenayajayan ; Kradenan ; Lajer ; Pagedangan ; Pasarsenen ; Peneket ; Plempukankembaran ; Prasutan ; Pucangan ; Sidareja ; Sidoluhur ; Sidomukti ; Sidomulyo ; Singosari ; Sinungreja ; Sumberjati ; Surobayan

Kecamatan AYAH: Argopeni ; Argosari ; Ayah ; Banjararjo ; Bulurejo; Candirenggo ; Demangsari ; Jatijajar ; Jintung ; Kalibangkang ; Kalipoh ; Karangduwur ; Kedungweru ; Mangunweni ; Pasir ; Srati ; Tlogosari ; Watukelir

Kecamatan BONOROWO:
Balorejo ; Bonjokkidul ; Bonjoklor ; Bonorowo ; Mrentul ; Ngasinan ; Patukrejo ; Pujodadi ; Rowosari ; Sirnoboyo ; Tlogorejo

Kecamatan BUAYAN: Adiwarno ; Banyumudal ; Buayan ; Geblug ; Jatiroto ; Jladri ; Jogomulyo ; Karangbolong ; Karangsari ; Mergosono ; Nogoraji ; Pakuran ; Purbowangi ; Rangkah ; Rogodadi ; Rogodono ; Semampir ; Sikayu ; Tugu ; Wonodadi

Kecamatan BULUS PESANTREN: Ambalkumolo ; Ampih ; Arjowinangun ; Ayamputih;
Banjurmukadan ; Banjurpasar ; Bocor ; Brecong ; Buluspesantren ; Indrosari ; Jogopaten ; Kloposawit ; Maduretno ; Ranteringin ; Sangubanyu ; Setrojenar ; Sidomoro ; Tambakrejo ; Tanjungrejo ; Tanjungsari ; Waluyo

Kecamatan GOMBONG: Banjarsari ; Gombong ; Kalitengah ; Kedungpuji ; Kemukus ; Klopogodo ; Panjangsari ; Patemon ; Semanding ; Semondo ; Sidayu ; Wero ; Wonokriyo ; Wonosigro

Kecamatan KARANGANYAR: Candi ; Giripurno; Grenggeng ; Jatiluhur ; Karanganyar ; Karangkemiri ; Panjatan ; Plarangan ; Pohkumbang ; Sidomulyo ; Wonorejo

Kecamatan KARANGGAYAM: Clapar ; Ginandong ; Giritirto ; Glontor ; Gunungsari ; Kajoran
Kalibening ; Kalirejo ; Karanggayam ; Karangmojo ; Karangrejo ; Karangtengah ; Kebakalan ; Logandu ; Pagebangan ; Penimbun ; Selogiri ; Wonotirto

Kecamatan KARANGSAMBUNG: Banioro ; Kaligending ; Kalisana ; Karangsambung ; Kedungwaru ; Langse ; Pencil ; Plumbon ; Pujotirto ; Seling ; Tlepok ; Totogan ; Wadasmalang ; Widoro

Kecamatan KEBUMEN:
Adikarso ; Argopeni ; Bandung ; Bumirejo ; Candimulyo ; Candiwulan ; Depokrejo ; Gemeksekti ; Gesikan ; Jatisari ; Jemur ; Kalibagor ; Kalijirek ; Kalirejo ; Karangsari ; Kawedusan ; Kebumen ; Kembaran ; Kutosari ; Mengkowo ; Muktirejo ; Muktisari ; Panjer ; Roworejo ; Selang ; Sumberadi ; Tamanwinangun ; Tanahsari ; Wonosari

Kecamatan KLIRONG: Bendogarap ; Bumiharjo ; Dorowati ; Gadungrejo ; Gebangsari ; Jatimalang ; Jerukagung ; Jogosimo ; Kaliwungu ; Karangglonggong ; Kebadongan ; Kedungsari ; Kedungwinangun ; Klegenrejo ; Klegenwonosari ; Klirong ; Pandanlor ; Podoluhur ; Ranterejo;
Sitirejo ; Tambakagung ; Tambakprogaten ; Tanggulangin ; Wotbuwono

Kecamatan KUTOWINANGUN: Babadsari ; Jlegiwinangun ; Kaliputih ; Karangsari ; Korowelang ; Kutowinangun ; Kuwarisan ; Lumbu ; Lundong ; Mekarsari ; Mrinen ; Pejagatan ; Pekunden ; Pesalakan ; Tanjungmeru ; Tanjungsari ; Tanjungseto ; Triwarno ; Ungaran

Kecamatan KUWARASAN: Banjareja ; Bendungan ; Gandusari ; Gumawang ; Gunungmujil ; Harjodowo ; Jatimulya ; Kalipurwo ; Kamulyan ; Kuwarasan ; Kuwaru ; Lemahduwur ; Madureso ; Mangli ; Ori ; Pondokgebangsari ; Purwodadi ; Sawangan ; Serut ; Sidomukti ; Tambaksari ; Wonoyoso

Kecamatan MIRIT: Karanggede ; Kertodeso ; Krubungan ; Lembupurwo ; Mangunranan ; Mirit ; Miritpetikusan ; Ngabeyan ; Patukgawemulyo ; Patukrejomulyo ; Pekutan ; Rowo ; Sarwogadung ; Selotumpeng ; Singoyudan ; Sitibentar ; Tlogodepok ; Tlogopragoto ; Wergonayan ; Winong ; Wirogaten ; Wiromartan

Kecamatan PADURESO: Balingasal ; Kaligubuk ; Kalijering ; Merden ; Padureso ; Pejengkolan ; Rahayu ; Sendangdalem ; Sidototo

Kecamatan PEJAGOAN: Aditirto ; Jemur ; Karangpoh ; Kebagoran ; Kebulusan ; Kedawung ; Kewayuhan ; Logede ; Pejagoan ; Pengaringan ; Peniron ; Perigi ; Watulawang

Kecamatan PETANAHAN: Ampelsari ; Banjarwinangun ; Grogolbeningsari ; Grogolpenatus ; Grujugan ; Jagamertan ; Jatimulyo ; Karangduwur ; Karanggadung ; Karangrejo ; Kebonsari ; Kritig ; Kuwangunan ; Munggu ; Nampudadi ; Petanahan ; Podourip ; Sidomulyo ; Tanjungsari ; Tegalretno ; Tresnorejo

Kecamatan PONCOWARNO: Blater ; Jatipurus ; Jembangan ; Karangtengah ; Kebapangan ; Kedungdowo ; Lerepkebumen ; Poncowarno ; Soka ; Tegalrejo ; Tirtomoyo

Kecamatan PREMBUN: Bagung ; Kabekelan ; Kabuaran ; Kedungbulus ; Kedungwaru ; Mulyosri ; Pecarikan ; Pesuningan ; Prembun ; Sembirkadipaten ; Sidogede ; Tersobo ; Tunggalroso

Kecamatan PURING: Arjowinangun ; Banjarejo ; Bumirejo ; Kaleng ; Kedalemankulon ; Kedalemanwetan ; Krandegan ; Madurejo ; Pasuruhan ; Puliharjo ; Purwoharjo ; Purwosari ; Sidobunder ; Sidodadi ; Sidoharjo ; Sitiadi ; Srusuhjurutengah ; Surorejan ; Tambakmulyo ; Tukinggedong ; Waluyorejo ; Wetonkulon ; Wetonwetan

Kecamatan ROWOKELE: Giyanti ; Jatiluhur ; Kalisari ; Kretek ; Pringtutul ; Redisari ; Rowokele ; Sukomulyo ; Wagirpandan ; Wonoharjo

Kecamatan SADANG: Cangkring ; Kedunggong ; Pucangan ; Sadangkulon ; Sadangwetan ; Seboro ; Wonosari

Kecamatan SEMPOR: Bejiruyung ; Bonosari ; Donorojo ; Jatinegoro ; Kalibeji ; Kedungjati ; Kedungwringin ; Kenteng ; Pekuncen ; Sampang ; Selokerto ; Semali ; Sempor ; Sidoharum ; Somagede ; Tunjungseto

Kecamatan SRUWENG: Donosari ; Giwangretno ; Jabres ; Karanggedang ; Karangjambu ; Karangpule ; Karangsari ; Kejawang ; Klepusanggar ; Menganti ; Pakuran ; Pandansari ; Pengempon ; Penusupan ; Purwodeso ; Sidoagung ; Sidoharjo ; Sruweng ; Tanggeran ; Trikarso

Sekang data kuwe angger dideleng lewih jero, 3 kecamatan sing paling akeh desane yakuwe : Ambal = 32 desa, Kebumen = 29 desa, Klirong = 24 desa. Sewalike 3 kecamatan sing paling sethithik desane yakuwe : Sadang = 7 desa, Padureso = 9 desa, Rowokele = 10 desa.
Angger dimatna maning ana jeneng desa sing padha, dadine ana nang loro utawa telung kecamatan, contone:
1. Sidomulyo, ana nang kecamatan Adimulyo, Ambal karo Karanganyar
2. Jatimulyo, ana nang kecamatan Alian karo Petanahan
3. Sidomukti, ana nang kecamatan Ambal karo Kuwarasan
4. Karangsari, ana nang kecamatan Buayan, Kebumen karo Kutowinangun
5. Jatiluhur, ana nang kecamatan Karanganyar karo Rowokele
6. Argopeni, ana nang kecamatan Kebumen karo Ayah
7. Candiwulan, ana nang kecamatan Kebumen karo Adimulyo
8. Wonosari, ana nang kecamatan Kebumen karo Sadang
9. Bumirejo, ana nang kecamatan Puring karo Kebumen
10.Pakuran, ana nang kecamatan Buayan karo Sruweng.

Nek dipikir-pikir, desa nang kampunge dhewek bae durung ngerti utawane kenal kabeh, apa maning desa nang kampunge wong liya. Dadi bener nek ana paribasan "Tak Kenal Maka Tak Sayang".
Mugi wonten manpangate.
Ingkang pungkasan mugi rahayu ingkang tansah pinanggih
Nuwun,
Wassalamu'alaikum
Suwarto Kartadiraja
(ramane_hatta@yahoo.com)
Karangkemiri Kulon - Lor Pasar Karanganyar

Sabtu, 28 Februari 2009

Jeneng-Jeneng Toko Nang Pasar Karanganyar





Salam paseduluran,



Nek kelingan jaman mbiyen taun 80-an, nyong nek dolan seliyane meng kali sing nang mburi umah, meng sawah, meng gunung, uga meng pasar Karanganyar (istilah-eh jaman semana meng kota). Angger mangsa ketiga kaline cethek, meng pasar Karanganyar gari nyabrang kali, kurang lewih limang menit wis tekan, ning angger lagi mangsa rendheng kaline banjir, kudu liwat bruk kulon ngliwati Sibacin, utawane liwat bruk wetan ngliwati sedawane desa Karangmiri dadi adoeh ngepol.

Jeneng-jeneng toko nang Pasar Karanganyar mulai sekang sisih lor wetan (pangkalan angkutan Karanggayam-an) sing nyong tesih kelingan antarane:

1. Toko Pojok
Jeneng liyane toko Dalimin. Kelingan jaman mbiyen angger nang wong tuwa dikon tuku lenga patra nggo ngisi petromak, utawane bensin nggo ngisi zippo-ne ramane, utawa spirtus nggo ngurubna petromak, ya tukune nang nggone Dalimin. Mbiyen angger nyong jajan ya meng nggone Dalimin. Jajane permen utawa roti. Angger permen biasane permen Davos, permen cecek utawane permen sing ana lotreane. Angger jajan roti ya roti MARIE. Nek ora ya untir-untir sing rasane kemlathak - atos.
2. Toko Karel
Mbuh nyong wis ora kelingan jeneng tokone apa, kelingane sing nduwe jenenge Pak Karel, pensiunan polisi. Tokone terutama adol werna-werna roti karo sembako.
3. Toko Sendiko
Jenengan liyane nek ora salah Kohin. Dodolane kusus sepatu. Mbiyen angger tuku sepatu warrior ya nang toko Sendiko. Merek sepatu sing lagi ngetop ya Eagle, Kasogi karo Dragonfly. Jaman semana sing nduwe toko lanang wadon ya wis tuwa-tuwa. Jaman siki tokone wis berubah dadi Alfamart.
4. Toko Muncul
Mbiyen-mbiyene sih mung dodolan buku karo barang-barang elektronik. Suwe-suwe dadi moncer banget terutama sawise dodolan honda(motor) karo montor(mobil). Ning pancen nang deretan sisih lor toko Muncul kuwe toko sing paling laris, mulane dadi cepet majune. Kuwe sing keton kan njaba, sing nglakoni dhewek ya mbuh kaya ngapa perjuangane. Sing nduwe toko Muncul manggone(omaeh) nang wetan alun-alun Karanganyar, sewetane SD 4 Karanganyar.
5. Toko Taruna
Jenengan liyane toko cap Jago sebabe dodoaln jamu jago, dadi ana logone jago. Sing nduwe toko terkenale Babah Jago. Dodolane ya buku, alat tulis, karo barang-barang liyane. Mbiyen angger tuku gunting sing nggo pranti nyukur adine utawa tanggane ya tukune nang toko Taruna. Omaeh Toko Taruna nang wetan alun-alun Karanganyar, se-lor-re SMP/SMA Taman Siswa/Taman Madya.
6. Toko Rambyat
Dodolane nek ora salah lenga patra. Arang-arang blanja nang toko kiye, dadine ora patia kelingan dagangan liyane. Sing esih kelingan anak-anake jenenge Bagong karo Latri.
7. Toko Besi Jaya
Toko besi sing paling maju nang Karanganyar. Nganti siki ya tesih bertahan dadi Toko Besi. Kelingan mbiyen mobil pick-up sing nggo ngangkut matriale merek-ke Chevrolet.

Kulone Toko Jaya ana toko 2 maning, ning babar blas ora kelingan jenenge, nek ora salah kulone Jaya pas warung makan karo toko Jamu, kulone maning nyong ngertine jenenge babah Tho Ing, duwe toko jam nang Gombong.
Kulon dalan arah perjuritan nyong ya wis kelalen jenenge toko apa, ning mbiyen angger kon tuku rheumason, tukune ya nang toko kuwe.

8. Yayang
Bengkel motor. Jaman mbiyen sing jenenge Yayang karo anake Amyang angger sore ngetrek nang dalan kuburan Karangmiri. Balapan motor trill akeh sing padha ndeleng.
9. Amyang
Dodolane tahu. Tahu sing paling kondang nang Karanganyar, ya tahune Amyang.
10. Toko Besi Restu
Sing nduwe jenenge Pak Ismoeyanto, terkenale tokone Moe. Salah siji anake tau ngramekna milis Karanganyar-Kebumen.
11. Bu Untung
Dodolane bubur. Angger esuk-esuk gawene kon tuku bubur nggo sarapan, tukune ya nang nggone Bu Untung, terkenal enak sih.
12. Toko Dhuwur
Jenenge toko Dhuwur, wong pancen paling dhuwur dewek sih nang Karanganyar. Mbiyen angger nyetrumna aki nggo tape recorder nang toko kiye.
13. Toko Niaga Tani
Dodolane urea, TSP, ZA, KCL, obat-obat pertanian, pokoke sing ana hubungane karo pertanian. Salah siji anake sing nduwe rumah Makan Jakarta sing nang kidul tapsiun karo sing nang Panjatan, jenenge Kijang.
14. Agen Bis Damri
Jenenge Pak Slamet. Jaman taun 80-an meng Jakarta nek ora nganggo kereta ya nganggo bis Damri. Ning siki kayane Damri wis ketinggalan adoh karo Sumber Alam & Efisiensi.

Kulone Damri ana toko ning kayane lewih berfungsi dadi gudang, wis mandan kelalen, nek ora salah sing nduwe jenenge Nji Kwie.

15. Juliang
Kiye toko jamu sing paling terkenal nang Karanganyar. Nang deretan lor toko Juliang paling kulon dhewek, wetan bruk persis. Wong-wong ndesaku, angger wis padha keselen bar ngodhe nang sawah ya terus padha jamu nang ngoone Juliang. Pokoke cespleng banget.

Lha angger nang kulon brug Karanganyar, wetane hotel Aman ana toko sing jenenge Ngo It.

Jeneng-Jeneng toko/warung deretan kidul, mulai kan mburi pegadean, antarane:

1. Cakra
Warung becek lan panganan sekang wedhus.
2. Teguh lancar
Bengkel pit onthel.
Kulone Teguh Lancar deretane agen bis Sumatra, karo sinar Jaya.
3. Toko Semar
Mbiyen nek ora salah begkel pit, suwe-suwe dadi bengkel motor, ning siki mbuh esih ana mbuh ora. Sing esih kelingan mbiyen sing nduwe jenenge Oyam, hobine thomprang dara aring kidul pasar.
4. Toko Besi Naga
Toko besi kidul ndalan.
5. Toko Emas Macan Sakti
Sing nduwe jenenge Ajong, umaeh aring ngarep kantor polisi Karanganyar.
Kulone Macan Sakti, jeneng tokone wis kelalen.
6. Mbing Kwie
Toko mbako, klembak, menyan. Angger dikon tuku klembak menyan nang ramane tukune nang nggone Mbing Kwie. Angger mbako ya ora gelem prentah, wong mbok salah udu mbako enak, malah mbako semprul sing ketuku.
Kulone karcisan (gerbang pasar Karanganyar) jeneng tokone wis kelalen.
7. Toko Slamet
Terkenale babah Sekok utawa Kim Byun. Dodolane kumplit ture werna-werna.
8. Toko Pujo
Sing nduwe tokone jenenge Pak Pujo, umaeh wetane Toko Pojok, umah nomor loro kan kidul. Angger tuku senar karo pancing nggo mancing utawane nggo urek-urek ya nang tokone Pak Pujo. Anake sing jenenge Taufik tau mlebu acara Who Wants to be A Millionaire, tapi ora sempet njagong nang kursi panas.
9. Toko Tengah
Dodolane sembako karo roti. Deretan kulone toko Tengah nganti koplak dokar ya wis kelalen kabeh.
10. Toko Mawar
Toko sing kulon dhewek bloke pasar Karanganyar, sewetane dalan ngidul (dalan Kaleng nek ora salah jenenge)
11. Toko Pusaka Indah
Super market sing paling gedhe nang Karanganyar. Sing nduwe nek ora salah terkenale Seger, sing tesih kerabate Probosutedjo.

Kuwe kurang lewieh jeneng-jeneng toko sing nang Pasar Karanganyar. Jaman mbiyen angger arep tuku buku-buku pelajaran sekolah, siji-sijine toko buku ya Warta Jaya, ngarep(Lor) Pegadean, wetane umaeh Pak Sukirman, kepala sekolah SMPN 1 Karanganyar. Angger tuku Yoyo, sing terkenal kae aring koplak dokar sing jenenge Tohar. Angger arep cukur nang pasar sisih kulon utawane pasar sisih wetan edek nggon gaman karo nggon manuk.

Ngelingi jaman mbiyen gawene lucu, ning ya nyenengna. Muga-muga dadi padha kelingan jaman limolas, rong puluh, selawe utawa malah telung puluh taun kepungkur.

Wassalam
ramane_hatta (Suwarto Kartadiraja)
Karangkemiri Kulon, Lor Kali Karanganyar

Selasa, 16 Desember 2008

NGGOLET IWAK


Salam paseduluran,

Jaman mbiyen sing jenenge mangan iwak tumrape wong ndesa kuwe tergolong mewah. Mulane wong ndesa klebu wong ndesaku kuwe paling seneng angger kon nggolet iwak. Akeh cara lan werna nggo nggolet iwak, antarane:


1. Mancing


Panggonan sing akeh iwake nggo mancing antarane: sawah, kali, kedung, ceblung. Alat sing nggo mancing biasane digawe sekang pring, jenenge walesan. Utawane nganggo kayu wit salak. Senar karo patise dijiret nang pucuk walesan. Ning aja pisan-pisan nganggo walesan sing digawe sekang pring wulung, mergane biasane nggone mancing ulihan, ning ulieh ula banyu. Ning ana kepercayaan nek nganggo walesan sekang pring tali sing bekas nggo nggawa wong mati biasane ulihan. Tapi enyong dhewek urung tau mbuktekna wong wedi mbok mrimpeni. Ning sing jenenge mancing pancen untung-untungan. Sing penting kesabaran karo atine kudu tenang ben iwake gelem mangan umpane. Empan sing nggo mancing biasane nganggo cacing, laron, kinjeng utawane precil. Iwak sing paling umum jenise bethik, bayong, kathing, ceba. Nek lagi mandan apes ya ulieh wader. Sing paling nikmat angger lagi mancing pas empane dipangan terus disendhal rasane grendel kena kiye iwake. Ana uga sing seneng mancing panjeran. Dadi nggone gawe pancing sing akeh misale nganti sepuluh utawane rong puluh, dipasang bareng nang sawah nek sore, esuk-esuke disendhali tuk siji-siji. Untung-untungan bisa ulih sethithik bisa ulih akeh.


2. Urek-Urek


Istilah kiye dienggo khusus nek nggolet welut. Umume nggolet welut ya meng sawah utawa kalen pinggir sawah. Alate nganggo senar karo patis, senare diulir kaya tambang sing mandan dawa. Umpane ngaggo precil ijo utawa cacing. Angger kepingin cepet dipangan biasane empane dioser-oseri bawang putih. Nggolet leng welut ya gampang-gampang angel. Biasane lenge lewih mblondho/gilig. Aja pisan-pisan urek-urek nang leng sing lonjong, biasane nek udu leng yuyu ya leng ula. Angger empane wis ditarik nang welut, aja kesusu, dinengna bae dhisit ben ditarik mandan jero, nganti ora ditarik maning utawa meneng dhewek. Nek wis meneng biasane welute kuwe lagi ngeleg empane. Nek kira-kira empane wis dieleg nang welute nembe senare ditarik alon-alon. Angger welute cilik ya gampang narike, ning angger gapur ya abot, malah bisa-bisa pathise pedhot. Nek wis ketarik nang njaba kudu cepet dibantingna meng galengan ben ora ucul maning. Seliyane urek-urek ana cara liyane nggo nggolet welut sing jenenge ngalang. Carane pinggire leng welut dikeruki nganti pandhes belete. Lha nek wis pandhes lan bersih mengko gari diencot-encot sekitare leng welut. Biasane welute terus metu, lha kiye tantangan sing paling angel, bisa apa ora ndikep welute. Enyong dhewek nek ulih welut biasane paling seneng nek ora disambel ya dipepes karo mbuluk. Jan enak banget, maknyus pokoke.


3. Ngobor


Ngobor iwak utawa welut, bisa nang sawah utawa nang kali. Alate nganggo petromak utawane sempor nggo ngobori, gethikan utawane parang/pedhang kodhol, karo kepis nggo wadah iwak/welute. Welut gelem metu akeh biasane nek tes ana grimis ning sing ora gawe buthek banyu sawah. Ngobor butuh akeh tenaga. Biasane bar ngobor terus kencoten. Sing jelas angger bar ngobor kuwe biasane irunge dadi ireng kena langese sempor. Wong desaku angger ngobor biasane nganti tekan wates kaliabang.


4. Tawu/Gobyag


Tawu biasane nang kalen. Sekang kalen sisih ngisor dibendung dhisit terus ditawu. Nek seenggon wis rampung, wis diakali kabeh iwake, ndhuwure dibendung maning. Terus bendungan sing tengah dibedah ben banyune mandan sat. Nek tesih mandan jero ya ditawu maning, nganti sat ben gampang nggone ngaraih iwake.
Nek sing jenenge gobyag kuwe tawu nang sawah. Angger bar panen rendheng biasane iwake akeh. Jaman mbiyen pari sing ditandur biasane pari jawa utawa pari gedhe sing wite dhuwur-dhuwur kaya wit pari ketan. Nek jaman siki sing ditandur biasane pari Cisadane, IR utawa liyane sing wit parine pendhek-pendhek, umur tanam nganti panane ya lewih pendek, dadi panene lewih cepet. Sawah sing wis dipanen karo ani-ani terus dibendung sing mandan amba. Biasane sing jenenge gobyag wong se-RT padha melu kabeh ya wong tuwa, lanang wedon uga bocah cilik-cilik. Bagian sing wis dibendung terus ditawu bareng tuk sethithik. Mengko nek mandan sat terus damene diidek-idek kaya wong gawe leleran. Nek nggone ngidek-ngidek wis rata kaya leleran, terus iwake mulai padha metu. Lha kuwe mulai rame nggone padha rebutan ndikep iwake. Nek iwake gedhe biasane metune klobrok-klobrok terus padha dadi rebutan nganti gupak belet. Pokoke rame, nyenengna banget. Tapi siki kayane wis ora ana sing jenenge gobyag.

5. Pasang Wuwu

Masang wuwu nang tulakan galengan sawah. Nggone masang sore-sore, saben esuke maning ditiliki. Biasane nek lagi akeh iwak bisa ulih bayong utawa bethik.

6. Nyamber

Biasane nang kali sing ngedung utawa jero. Contone Kali Bandha. Enyong dhewek mbiyen angger ngancani nyamber pamane nganti tekan kidul pekuwon. Dadi kelingan nang kedung pekuwon enyong tau ketilem gara-gara mlebu kedhung sing jero, sementara tangane nyekel iwak ceba, ora disot-na. Kasil Iwak sing paling umum ya iwak ceba karo bayong.

7. Nyetrum

Nyetrum biasene nang kali. Biasane kasil iwake lewih akeh. Nek nganggo setrum iwak sing cilik-cilik kaya wader, urang ya padha kena kabeh. Nek iwake wis padha kleyengan mung gari nyeseri. Cara kiye sing paling akeh dikepengini wong. Ning jere nyetrum ana bahayane, salah-salah bisa nyetrum sikile dhewek.

8. Nganco

Daerah kidul sing biasane angger banjir suwe sat-te. Lha nek banyune ora sat-sat wong-wong padha nganco. Angger bar musim banjir biasane enyong sering pit-pitan liwat pasar Karanganyar ngidul nganti tekan kemujan, ngidul maning tekan sugih waras. Daerah kidul kiye angger musim banjir ya musim iwak.

9. Njala

Ora kabeh wong bisa, tur pancen langka wong sing duwe jala. Ning biasane ulieh iwak mung sing cilik-cilik, kaya wader, urang lan sebangsane.

10. Motas

Cara sing paling gampang mung gari ngramu obat terus disiramna nang banyu kali utawa kalen. Ora let suwe iwake padha mendem kabeh terus gari padha rebutan nggone nyeseri. Ning cara kiye paling ngrusak lingkungan, ora mung iwak sing padha mati, enthog utawane bebek sing padha melu mangan iwake bisane padha lumpuh terus mati. Pokoke cara kiye ora recommended lah....

Nek dieling-eling jaman mbiyen nganti siki, ana bae iwak sing populasine akeh terus kayata iwak sisi melik, wader, kathing, bethik, bayong. Nek iwak sing wis langka utawane meh punah kayata
boso (sing ngumpet nang wedhi, kulite kasar, meh kaya sapu-sapu nek nang Jakarta, jere wong tuwa nek kakehen mangan iwak kiye raine bisa burasen/kasar), bogo, gabel(kaya kathing tapi gedhe meh kaya iwak patin nek cara Jakartane), Sili(sing gelem mbrambang, jere nek kebrambang sili rasane pedhes banget, nind enyong tau mlaku-mlaku nang Jatinegara ternyata ana iwak sili sing didol).

Kaya kuwe kurang lewieh crita nggolet iwak. Nyenengna, ning kadang ya mangkel nek ulieh mung sethithik utawa ora ulih babar blas, sing ana mung kesele thok. Ning siki enyong nembe ngerti ternyata ana cara sing paling gampang nggo nggolet iwak, kepengin ngerti ora carane?
Carane ya Nggawa dhuwit sing akeh meng pasar iwak, takon regane iwak terus dituku iwake, semakin akeh dhuwite semakin akeh iwak sing bisa digawa bali.

Matur nuwun,
Ramane Hatta (Suwarto Kartadiraja)
Karangkemiri Kulon, Lor kali Karanganyar

Rabu, 15 Oktober 2008

Crita Mudik Badan 2008

Salam paseduluran,

Badan wingi inyong sekeluarga mudik meng Jawa. Gandeng bojoku wong Ngawi Jawa Timur, dadi mudike ngetan dhisit. Ngetan tanggal 26 September dina Jemuah mbengi, ora ngertia lagi macet-macete. Tapi wong anu wis diniati, dadine semacet-macete ya tetep disyukuri lan dinikmati. Singkat crita dina minggu esuk inyong sekeluarga nembe tekan Ngawi, wong sempet nginep nang Boyolali agi setu mbengi. Inyong sekeluarga nang Ngawi nganti lebaran dina pertama tanggal 1 Oktober 2008.

Sabubare acara halal bihalal keluarga karo tangga teparo nang Ngawi Jam setengah rolas awan tanggal 1 Oktober 2008, inyong sekeluarga pamitan bali meng Karanganyar Kebumen. Meng Karanganayar rencane nunggang Sepur sekang Walikukun Ngawi. Sepur meng Karanganyar sing bisa ditumpaki ana loro Pasundan(Surabaya-Kiara Condong) karo Logawa (Jember - Purwokerto). Ning ora ngertia sepur Pasundan nembe bae liwat kira-kira limolas menit kepungkur. Sidane nunggu sepur Logawa sing jarene mangkat ngulon jam loro. Ditunggu-tunggu nganti suwe ora teka-teka. Ora let suwe ana pengumuman nek Sepur Logawa telat, diperkirakan tekane kira-kira jam setengah lima. Bot-bote arep sungkem karo wong tuwa ya sidane ditunggu kanthi sabar, anakku Hatta sing ketone klesedan bae nakokna sepure ko ora teka-teka. Sawise ditunggu nganti jam setengah lima ternyata bener, sepure nembe teka, Alhamdulillah ora patia sesek, longgar. Dibanding pengalaman taun 2007 mangkat ngulon dina ke loro lebaran meh bae ora bisa munggah, saking seseke, bisaa munggah ya mung ngadeg nang dalan edek sambungan gerbong, karo nang WC sing mambune ora nguati. Sepur Logawa mlebu Karanganyar kira-kira jam sepuluh wengi. Inyong sekeluarga terus nunggang becak maksude arep meng pasar mangan dhisit liwat alaun-alun Karanganyar. Ora ngertia nang alun-alun ngarep DPU tesih ana tukang sate, sidane mandeg dhisit nang alun-alun mangan sate. Ternyata siki wis apik ya alun-alune, wis dibangun trotoar seubengan alun-alun. Mangan sate karo nyawang BTS-BTS Telkomsel-Telkom Flexi-Indosat sing ngeblok nang sisih lor kulon alun-alun Karanganyar. Inyong karo nyritakena nek omaeh mbah nang ngisor BTS kuwe dadine sedhela maning tekan omaeh mbaeh. Inyong uga nyritakena nek sekolah SMPN-ne mbiyen nang SMP 1 Karanganyar karo nunjuk arah SMP 1 sing keton lampune thok. Sawise mangan sate nerusna mbecak, tekan ngomah jam 11 wengi. Sawise resik-resik seperlune lan sholat jamak terus bleg sek turu saking kesele.


Dina ke loro lebaran sawise sungkem karo wong tuwa terus halal bihalal dhisit karo tangga teparo nang Karangkemiri Karanganyar. Sorene kira-kira jam papat sore inyong sekeluarga numpak motor, plesiran meng Petanahan. Dalan meng Petanahan wis mulus banget, dadine setengah jam thok mlaku santai wis bisa tekan pantai. Saiki wis ana kemajuane wis dibangun dadi lewih rapih, parkire siki wis edek banget karo laute. Ora kaya mbiyen jaman cilikanku angger meng Petanahan nunggange truk gedhe mudhun pasar petanahan, ngidule maning nek ora mlaku ya ngojek tesih adoh banget rasane, wong angger mlaku nganti thiyel sikile. Nang Petanahan siki uga wis ana becak sing dipasangi mesin, dadi tukang becake ora perlu ngothel pedal tapi mung gari mainin gas kaya wong numpak motor. Nambah kreatif ya... Mlebune Petanahan mbayar 2500 per wong. Nang Petanahan anakku sempet nunggang jaran putih mbolak mblaik ngetan ngulon kira-kira satus meteran,mbayare limang ewu.

Nunggang Jaran nang Petanahan
Bar Maghrib terus mangan soto nang pinggir laut. Bar mangan terus bali. Kelingan nek nang alun-alun Karanganyar ana sing dodolan gembus, dadine mampir dhisit meng alun-alun. Tuku gembus rong iket sepuluh ewu, sing seiket dipangan nang kono, sing seiket digawa balik. Gembus sing nembe dientas sekang wajan, rasane nylekamin banget luuh, dhasare anu wis suwe ora tau mangan. Anakku ya doyan banget sing jenenge gembus, nganti kakine gumun bocah kota koh doyan budin....

Dina ke telu badan wingi, enyong sekeluarga ya plesiran meng Goa Jatijajar. Mlebune ya mbayar 2500 per kepala. Enyong meng Jatijajar terakhir agi tahun 94 pas lulus SMA. Wektu semana kebenaran kanca sekelasku nang SMAN Gombong ana sing umaeh persis nang ngarep Goa Jatijajar, dadi mlebune mbiyen ya gratis, wong anu kancaku kenal banget karo penjagane sih, tur ya bocah sekolah dadi dimelasi. Bareng nang mulut goa, enyong ketemu kanca SMP, bocah Candi Serang jenenge Soedarso sing siki dadi dosen nang ITS, Sukolilo Surabaya. Sawise ngobrol secukupe, enyong sekeluarga terus mlebu menyusuri lorong-lorang goa. Padhet banget pancen, mlakune bae ngantri tuk siji-siji. Durung suwe inyong mlebu gua, ketemu kancaku maning Soedarso, dheweke wedi ora wani mlebu, khawatir mbok padha jorog-jorogan kaya kasus zakat Pasuruan. Nyatane wonge uyel-uyelan banget sih.




Sesek-sesekan nang Jatijajar
Ning untunge siki wis ana lampune dadi ora peteng ndhedhet kaya jaman mbiyen. Sajroning goa Jatijajar akeh patung-patunge, ana patung Kamandaka, patung lutung kasarung, patung macan. Seliyane patung uga ana sendang yakuwe sendang mawar karo sendang kanthil. Miturut penjagane banyu sendang kuwe bisa gawe awet nom. Biyung bocah sempet raup nang sendhang Mawar, nyong karo Hatta raup nang sendang kanthil. Sing ora nguati ya antriane akeh banget, sanajan mung arep raup karo wisuh thok. Sawise ngliwati sendhang kanthil ora let suwe tekan meng pintu keluar goa. Metu kan goa tuku jus nangka sabrang (sirsak) seger banget rasane. Terus jajan lotek (pecel) sing nganggo kecombrang, kembang turi, karo godhong cakra-cikri, enake ngepoll. Bar mangan terus mlaku metu karo nggolet souvenir. Tuku kaligrafi ayat kursi sing digawe sekang kulit telungpuluhlima ewu, ulih loro. Bar kuwe terus sholat jamak. Bar sholat terus mlaku maning meng arah Pantai Logending.


Kira-kira jam telu sore inyong seanak bojone, mlaku maning meng arah Pantai Logending. Sekang Jatijajar, Logending kuwe araeh ngulon ngidul. Kurang lewih setengah jam wis tekan bates Pantai. Mung salahku inyong belok arah kanan. Ora ngertia bareng dipedheki pantai kuwe jenenge pantai Jetis, mlebu wilayah Cilacap. Wis kadung meng pantai tur mbayar mlebune, senajan mung limang ewu wong loro, ya sidane diterusna bae. Kan pantai Jetis ngetan nekani keramaian, ora ngertia kon mbayar maning limang ewu maning wong loro, jare jenenge panti Congot. Bareng nang kono enyong nembe ngerti sing jenenge pantai Logending kuwe nang sebrange pantai Congot. Suasana pantai enak, akeh pengunjunge, nek ndeleng arah ngalor jejer pegunungan, wit mangroove ijo royo-royo subur banget nambah ngademi pandangan mata.
Mangroove Logendhing
Nang kana ya bisa numpak prau mubeng-mubeng limolas menitan mbayar sepuluh ewu.

Numpak prau Logendhing
Sing padha mancing nang pinggir pantai ya akeh. Sawise cukup puas dolanan nang sebrange pantai Logendhing, inyong niat arep tuku iwak laut. Ora ngertia iwake ora ana sing gedhe, dadine ora sida tuku iwak. Kira-kira jam setengah lima inyong balik, metune ya liwat Pantai Jetis. Tiwas wis mbayar tapi durung menikmati ombak pantai Jetis, inyong njajal meng pinggir pantai Jetis. Ternyata motor bisa digawa nganti jarak lima meter meng bibir pantai. Dhasare ombake cilik tur pasire mandan padhet dadi bisa diliwati motor beda banget karo Petanahan. Numpak motor nang pinggir pantai ngetan ngulon rasane enak angger lagi ngulon, ning angger lagi ngetan angine gedhe banget. Kira-kira jam lima sore inyong bali meng Karanganyar.

Wong anu wis tau krungu nek ana jalur anyar Cilacap -Yogyakarta liwat jalur selatan, dadine inyong njajal dalan kuwe. Pas arep balik nembe ngliwati Pantai Logendhing sing sebenere. Wis ana tandha sing diliwati, nek Karangbolong jarake tesih 17 km maning seka Pantai Logendhing. Inyong nyante bae nggone numpak motor. Ora let suwe kira-kira 1 km perjalanan, ora ngertia dalane mulai munggah mudhun, belak-belok ora karu-karuan. Inyong ya kur mbatin muga-muga dalan sing kaya kiye ora dawa. Bareng suwe-suwe koh dalane kaya kuwe kabeh sepanjang pejalanan Logendhing - Karangbolong. Munggah mudhun, menggok kanan - menggok kiri. Sing dadi masalah inyong mbonceng-na anak bojo, anakku turu maning, dadi angger agi mudhun kuwe rasane abot banget kesurung anak bojoku. Kewatirku angger lagi mudhun mbok nganti keplantrangen koh. Nek nganti keplantrangan, ngisore jurang kan mbuh kepriwe nasibe.... Tapi sing jelas inyong karo bojoku ya terus karo ndonga ben slamet ora ana alangan apa-apa. Jeneng-jeneng desa sing diliwati kayane inyong ya ora tau krungu, ana Argopeni ana apa maning ya. Ujarku numpak motor wis suwe koh ya ora tekan-tekan Karangbolong. Ning bareng ana tulisan desa pasir, inyong wis mandan tenang, sebabe aku tau krungu nek pasir kuwe sekulone Karangbolong. Bener bae ora let suwe terus tekan pertelon Karangbolong. Wis njukut dalan ngalor tenang dalane lempah maning. Karangbolong ngalor Buayan, buayan ngalor Kewarasan, Kewarasan ngalor Gombong. Nek wis tekan Gombong tenang, kaya wis tekan nang ngumaeh dhewek. Tekan ngomah Karanganyar jam setengah pitu wengi.


Dina ke papat lebaran, inyong sekeluarga plesiran maning. Wingi bar keselen sekang Jatijajar karo Logendhing dadine dina ke papat plesirane ya sorean bae. Tujuane ora adoh yakuwe waduk Sempor. Sekang ngomah jam 3 seprapat, mampir mesjid Karanganyar sholat ashar dhisit. Bar sholat terus mlaku maning. Dalan ngulon mulaih rame, malah puncak arus balik nek ora salah. Dadine Karanganyar Gombong sing biasane 10 menit tekan kiye nganti setengah jam. Tekan Gombong bangjo mbelok ngalor. Terus dalane lancar banget, mung cuacane mendung tebal mulaih grimis. Tekan waduk sempor kira kira jam papat seprapat. Nang kana terus foto-foto ndeleng keindahan waduk. Ketone siki wis mandan cethek.

Sempor disaput mendung
Mangsa ketiga wit-witan padha garing dadi pemandangane biasa bae. Sawise puas dolanan nang Sempor terus bali ngidul maning liwat Gombong. Sempet mampir nang nggone Sate Kambing Laminah kulon bangjo Gombong.

Sate Kambing Laminah Gombong
Lumayan enak juga ternyata..... Bar maghrig bali Karanganyar, ora ngertia nang dalan kudanan, nganti mandhek pindho. Mandek ping pisan nang Alfamart Wero (pertelon Patemon), mandek ping pindho nang Kedung Puji.



Dina kelima lebaran persiapan nggo mbalik ngulon Bekasi. Inyong wis mesen tiket Sumber Alam ket awal puasa. Tiket Sumber Alam AC Toilet jurusan Pulogadung regane 220ewu. Kon ngumpul jam 4 sore. Ditunggu-tunggu nganti maghrib durung teka juga bise. Bar maghrib diumumna nek bis kan kulon durung ana sing mlebu meng pool Kutoarjo, yakuwe ternyata gara-gara puncak arus balik sing terjadi malem minggu nyebabna bise padha telat ngetane. Nggone ngumumna agen sumber alam karo ngomong njaluk ngapura, dheweke ngomong ngerteni perasaane penumpang, apa maning sing nggawa bocah cilik, inilah mahalnya silaturahmi, bot-botte arep sungkem wong tuwa, rekasane kaya ngapa bae ya tetep dilakoni. Beruntunglah sing tesih duwe wong tuwa Alhamdulillah kudu disyukuri. Omongan-omongan kuwe ya mandan ngadem nentremi wong sing ngrungokna. Ditunggu-tunggu maning nganti mbengi, jam setengah sepuluh mbengi bise nembe teka. Sawise padha munggah terus mangkat ngulon, dalan ngulon tesih penuh mobil. Tekan Purbowangi macet-cet ora obah kira sejam. anu wis kesel sidane inyong keturon tangi-tangi wis nang daerah Pekuncen kira-kira jam loro mbengi. Dalan tesih macet kira-kira jam 6 nembe tekan Brebes. Jalur pantura padat merayap, sepisan-pisan macet. Tekan Subang kira-kira jam 9 awan, bise mampir meng rumah makan. Mlaku maning karo macet-macetan tekan Pulogadung jam loro awan. Nang terminal Pulogadung mampir mangan nang Warung Padang. Bar mangan numpak taksi meng Bekasi, tekan ngomah jam 3 sore. Terus ngaso. Nembe kiye krasa kesele.........


Reported by:
Ramane Hatta
Suwarto
Karangkemiri - Karanganyar

Selasa, 23 September 2008

Laporan Pandangan Mata Kopdar Buka Puasa Bersama Yokobento


Woro-woro kopdar buka puasa bersama Yokobento wis diumumna nang milis kurang lewih sepuluh dina nganti rong minggu sedurunge tanggal 20. Anggota sing wis ngisi database lan ana nomer telepon HP-ne mestine ya ulih SMS sekang ki lurah ngenani undangan buka puasa bersama kuwe. Bar ulih SMS undangan buka puasa bersama aku terus niat kepingin nekani acarane kuwe. Nang milis terus diumumna sapa sing arep melu ya terus dikon konfirmasi. Nek ora salah sing konfirmasi arep teka kurang lewih 40 member. Telung ndina sedurunge tanggal 20, meh bae ana alangan, sekolahane anakku (Hatta, nembe TK-A) uga nganakena Buka Puasa Bersama. Meh bae aku ora bisa melu kopdar maning, tapi sawise rembugan karo biyung bocah sidane bisa dikompromi, aku buka puasa nang Yokobento, anak bojoku nang sekolahan TK Prima Sakinah. Masalaeh anu wis kebelet banget melu kopdar, masa kudu gagal maning-gagal maning. Ingatase dadi member kawit tahun 2003 – 2008 durung tau babar blas melu kopdar. Padahal selawase kuwe ya sering ana kopdar kaya sing nang depok, nang Manggarai, nang UI, nang Kemayoran, nang Legoso. Taun 2003 lagi dadi member anyar aku nganggo id narayani_001 nganti 2005 bareng duwe anak ganti dadi ramane_hatta, wong anu anakku jenenge Hatta Anggayuh Lintang.

Dina setu 20 September 2008, ket esuk aku wis siap-siap nang ngomah ngumbah pit motor dhisit, anu wis mandan kotor tur ya wis suwe ora dikumbah. Jam rolas awan ba’da dzuhur aku ngeloni anakku dhisit ben turu, masalaeh nek ngerti ramane lunga mesti bakal ribut arep melu, padahal dheweke ya ana acara dhewek nang sekolahan. Jam siji awan aku adus, terus jam setengah loro magkat meng daleme pak Kaji Nur. Anu dhasare daerah umaeh pak kaji Nur (Perumnas 3) wis sering tek jelajahi sih dadi ya aku wis apal dalan-dalane, mulane aku nunggang hondane (padahal mereke Suzuki) ya alon alon bae, nyante. Sawise menempuh perjalanan kurang lewih 17-an kilo, jam 2 seprapat aku tekan umaeh Pak Nur. Sawise markir honda aku mlebu lewat restorane, takon karo pegawene pak Nur acarane dianakena nang ngendi. Terus aku ditidokena nek acarane nang loteng, lantai loro. Pas aku teka nang kono wis mandan rame, ana ki Lurah Marsikin, Eko Hadiyanto, Maino Dwi Hartono, shohibul bayt Kaji Nur, Arief, mbak Mirah, lan Mbak Muji. Senajan nembe pisan ketemu ngobrole ya nyambung bae, wong padha-padha ngapake sih. Ora let suwe kang Umbul Karanggayam teka karo kancane. Ngobrol ngalor-ngidul karo kang Umbul, jebulane sedulur-dulure sekolaeh bareng karo aku nang SMAN Gombong. Dulure ya ana sing dadi tanggaku nang ndesa. Se-ngertiku member sekang karanggayam kuwe sing paling aktif nek ana kopdar nang ngendi-ngendi. Jajal bae dititeni nek saben ana kopdar mesti salah siji kang Umbul, sugih-sugihe utawane kang Haris mesti ana sing melu. Meh jam 3 terus ana sing teka maning yaiku kang sugi karo masteng Antarini. Kang Sugi kuwe sanajan wong Purworejo ning bisa melu ngramekna kopdar milis Karanganyar Kebumen. Carike, kang Haris sing ditunggu-tunggu malah ora teka-teka, bareng dibel nang kang Umbul, jare posisine esih nang Pancoran, padahal wektune wis tambah sore. Terus ana sing teka maning Kang Puji Rahmat (Abu Athifah), terus disusul kang Pebri karo mbak Eka. Ora let suwe maning teka kang Amir karo anak bojone. Kang Amir sing jeneng kerenne mbiyen kang Plenthis, Mira terus terakhir Amsens termasuk member awal milis Karanganayar Kebumen. Jaman kuwe aku tesih kelingan sing paling aktif nang milis seliyane Pak Marsikin, Pak Mardiyo, Kang Paino Widodo uga kang Plenthis kiye. Sing paling khas nek ana member anyar ya terus kon kenalan terus salaman dimin ceg orag-orag. Ning bareng ketemu koh kayane mandan beda 150 persen, wonge ternyata kalem banget, bedha angger nang milis kuwe paling rame. Menjelang jam 4 sing wis padha teka terus foto-foto bareng , jeprat-jepret nganti marem berfoto ria. Kira-kira jam 4 sore kang Sugih-sugihe teka karo humas Iwakk Walet Emas pak Bambang Surisno. Nyambi nunggoni kanca-kanca liyane sing padha durung teka, ana sing tetep dopokan ana sing nonton DVD-ne Ungu dilanjut kelenengan banyumasan lan peang penjol, ana uga sing tesih foto-foto. Ora let suwe teka ustad Rozikin karo bojone, sing jere duwe club dhewek sing jenenge Lawet Kencana. Terus teka maning ustad Yonastan karo anake lanang, sing asline sekang Tangeran, Sruweng. Wis meh setengah 5 carike karo rombongane tetap durung teka-teka, sidane luraeh nekat mbukak acarane dhewek, sing intine nyritakena perjalanan milis karanganyar Kebumen lan perkembangane nganti siki. Bar luraeh mbukak acara diterusna sambutan sekang wakile shohibul bayt Bapak Ustad Rozikin. Wektu terus mlaku, ora kena diendheg. Kira-kira jam lima sore tempat acarane dipindah nang daleme Pak Nur sing nang Taman Kebayoran, jalaran lantai loro kuwe arep ana sing nganggo acara ulang tahun. Bareng meng njaba nang kana ana sing wis nunggu yakuwe kang Slamet karo kang Sukadi. Terus padha bareng-bareng meluncur meng omaeh Pak Nur sing jarak-ke kurang lewieh sekilo. Nang omaeh Pak Nur wis akeh bocah-bocah yatim piatu sing arep disantuni wis padha ngumpul. Kira-kira jam setengah 6 rombongane carik Haris, kang Sahri, Mbak Rima nembe teka. Terus ana maning Kang Bagus Sidamukti sekang Balikpapan sing pas ana nang Pandok Kopi, dadi bisa melu nggabung kopdar buka puasa. Ana uga Pak Sawadi sing nembe njemput anake nang Bogor ya melu acara kopdar. Ana uga kang Ali Makhfud karo adine. Acara jelang buka puasa bersama dibuka nang Pak ustad Yonastan, diterusna tausiyah nang ustad asal Wonogiri. Bar tausiyah terus mbatalna puasa bareng karo es buah, seger banget rasane, aku nganti entong rong gelas koh. Tajilane ana gorengan tahu tempe, anu aku senenge tahu ya sing tek jukut ya tahune bae. Mbatalna puasa secukupe terus padha sholat maghrib berjamaah nang mesjid perumahan Graha Taman Kebayoran. Aku dadi kelingan sekitar taun 2000-2003 aku sering mlayu-mlayu nang dalan ngarep omaeh Pak Nur. Nek dilurusna meng ngetan kayane umahku nang Bumi Sani Permai ya segaris adep-adepan karo omaeh Pak Nur. Ning siji sing ora bisa dirubah nek nang omaeh Pak Nur rasane madep ngalor ning sing bener madep ngetan, nek nang omahku dhewek rasane madep ngidul ning sebenere madhep ngulon. Dadine nek sholat aku rasane madhep ngidul terus. Bar sholat acara diterusna maning, ana sing dopokan maning, ana uga sing dadi ahli hisab alias ngudud. Ning sing jelas ora ana sing ngudude nganggo klembak menyan. Ora let suwe terus padha mangan prasmanan, gantian sewise bocah-bocah yatim piatu rampungan acara buka puasane. Panganane janjane enak-enak, ning wong anu wis kakehan ngombe aqua gelas karo es buah, dadi mangane ya mung sethithik. Bar mangan-mangan, terus padha kumpul maning nerusna acara kopdar. Acara terus diisi nang Pak Bambang Ris (Surisno) humas Iwakk Walet Emas, sing intine nyritakena kiprah paguyuban Iwakk Walet Emas nggo memajukan Kebumen. Misale mbantu bocah-bocah pinter sekang Kebumen sing ora mampu secara ekonomi ben bisa padha kuliah nang UI. Terus nyritakena tokoh-tokoh penting sekang Kebumen, kaya Martha Tilaar, Bimantoro, lan liya liyane. Pak Bambang Ris uga ngewei informasi nek tanggal 9 Nopember 2008 arep ana halal bihalal Iwakk Walet Emas nang GOR Bekasi, dadi kiye ana kesempatan nggo padha ngumpul kopdar maning. Saben taun Iwakk Walet Emas nganakena acara halal bihalal bar badan sing biasane tempate bergilir nang Jabodetabek. Aku dhewek durung tau nekani acara kuwe, tapi sing jelas miturut kang Maino mesti rame mergane sing teka bisa nganti limang ewuan wong. Angger wong limang ewu padha ndhopok dhewek-dhewek nganggo basa ngapak ya kaya tawon ondoan bubar mbok. Iwakk Walet Emas kuwe singkatane Ikatan Warga Asal Kabupaten Kebumen, WAni uLET, Eling Marang ASale. Slogane: Sindhen Rokoke Sintren, Wong Kebumen Ora Baen-Baen. Terus terang aku melu bangga dadi wong Kebumen. Pengalamanku dhewek wektu manggon nang kampung Rambutan, ternyata tangga-tanggane akeh wong Kebumen. Bareng aku pindah manggon nang Dukuh Zamrud Kota Legenda Bekasi, ternyata ya tangga-tanggane akeh wong Kebumen. Nang tempat kerjaku Indosat, ternyata ya akeh wong Kebumen. Ujarku nang ngendi-ngendi koh ana bae ya wong Kebumen. Balik meng Iwakk Walet Emas, sebenere organisasine wis gedhe, tur akeh anggotane, sayange durung ana sing memprakarsai nggawe website sing representative, ben bis diintip nang internet. Sawise cramah pak Bambang Ris rampung terus dianakna pundi amal milis karanganyar Kebumen, ning mbuh hasile pira aku ora patia nyimak.

Wektu wis tambah mbengi, ora krasa wis jam 9 kurang seprapat. Acara ditutup terus padha salam-salaman. Balike ana sing rombongan, ana sing dhewekan nganggo motor. Aku dhewek tekan ngomah jam 9 seprapat. Bareng chatting karo kang Maino jere tekan ngomah jam 11-an, nek carike tekan ngomah malah jam setengah rolas. Matur nuwun nggo Pak Nur sing wis kersa dadi tuan rumah kopdar sekaligus buka puasa bersama, muga-muga wektu liyane bisa ana kopdar maning. Nek ana kurang lewieh tulisan kiye, njaluk dingapura sedulur kabeh. Kesuwun.


Reported by:

Suwarto Kartadiraja
ramane_hatta@yahoo.com