Minggu, 30 Agustus 2009

REPORTASE KOPDAR BUKA PUASA BERSAMA MILIST KARANGANYAR-KEBUMEN DI RM WONG SOLO TEBET 29 AGUSTUS 2009



Assalamualaikum sedulur,

Nyanggupi penjaluke Luraeh karo carike, enyong arep nyritakena laporan pandangan mata acara Buka Puasa Bersama nang RM Ayam Bakar Wong Solo Tebet, 29 Agustus 2009. Mangkat sekang umah mandan aras-arasen mergane wis jam 4 kurang seprapat nembe siap mangkat sementara undangane jam 4 sore. Sawise rembugan karo biyung bocah sidane enyong mangkat sekang Bekasi. Alhamdulillah dalan sedawane Kalimalang lumayan lancar. Kepingin njajal jalur anyar liwat daerah Pondok Kelapa sing nembus Duren Sawit - Casablanca, ora ngertia dalane malah macet. Ning wong adoh-adoeh pengin ketemu sedulur ya dinikmati bae perjalanane. Gutul Casablanca dalane nembe lancar. Saking lancare nganti bablas tekan Kuningan, wong nggolet puteran nganan ora nemu-nemu.

Tekan lokasi RM Ayam Bakar Wong Solo jam 5 kurang rong menit. Karo nyawang meng njero resto kayane durung ana rai Kebumen., bareng ndeleng meng ndhuwur nembe keton ana sing nganggo sragam kaos biru, kaos milis Karanganyar Kebumen. Rampung parkir ketemu karo kang Khozin Damiri, terus munggah bareng meng loteng. Jebule panggonane wis kebek wong sing arep padha buka bersama. Terus salaman siji-siji sinambi kenalan karo sing wis teka lewih dhisit. Sing teka kurang lewieh 70 wong, sing komposisine warga milist (wong Kebumen + Purworejo), perwakilan Walet Mas, perwakilan Perhimak UI karo sekelompok band asal kebumen sing jenenge True-Band. Sayange panggonane mung ukuran 4X8, dadine madhet banget kaya prepegan pasar. Warga milis sing anyar-anyar ternyata akeh sing padha melu teka.

Kurang lewih jam setengah 6 acara mulai dibukak. Sing dadi MC-ne Kang Eko Hadiyanto alias etho_java. Acara dibukak karo sambutane Q Lurah Marsikin sing nyritakena sejaraeh milis karo perkembangane nganti siki lan harapane nang wektu ngarep. Diterusna karo sambutane Pak Bambang Ris, bayan-ne Iwakk Walet Mas, sing nyritakena nek arep ana acara Mudik Bareng Iwakk Walet Mas, nggo wong Kebumen sing tesih nduwe KTP ndesa karo arap ana acara Temu Akbar Silaturahmi Warga Perantauan nang Pendopo Kabupaten Kebumen tanggal 22 September 2009, sing temane Tilik Ndesa Urun Mulya. Bar sambutan bayan Walet Mas, diterusna Pembacaan Ayat Suci Al Qur’an sing diwacakena Kang Muhamad Muslihudin (Mumu). Acara diterusna tausiyah sekang Ustadz Banu Muhamad Haidir SE, ME, sing kebeneran tesih wonge dhewek sing dadi dosen karo peneliti nang UI. Isi tausiyah kurang lewieh babagan manfaate silaturahmi, ngumpul-ngumpul beramal kebaikan hubungane karo urip alam akhirat. Sementara panitia ana sing asyik dadi fotografer, camera-man, ana uga sing mbantu-mbantu nyiapna panganan berbuka puasa.

Rampung tausiyah, ora let suwe terus berkumandang adzan maghrib tandane berbuka puasa. Gandheng panggonan nang ndhuwur sesek banget, sidane nang lantai siji uga disediakena panggonan nggo berbuka puasa sing muat kurang lewih wong rong puluh. Menune ana ayam bakar, tahu goreng sambel, tempe goreng, udang goreng tepung, lalaban timun karo selada, werna-werna sambel. Ngumbene disediakena teh legi anget karo aqua gelas. Ayam bakare enak, terus njajal sambel kecape, ora ngertia nggetap banget, pedhese ngepol. Bar mangan terus padha sholat maghrib, ana sing sholat nang mesjid, ana sing nang musholla, ning musholla-ne minimalis banget, dadi antriane dawa. Bar sholat terus padha ramah tamah ngobrol antar warga milist, ana sing tetep nang loteng, ana sing nang lantai siji, ana uga sing nang parkiran sinambi nglepus dadi ahli hisab(p).

Sawise ramah tamah acara diterusna pesan kesan. True-Band sing pertama ngisi acara pesan kesan. Band anyar sing mayoritas personile wong Kebumen sing tesih berjuang nggayuh tonggak kesuksesan nang ibukota Jakarta. Base camp-me nang daerah Pulomas, Jakarta Timur. True Band sempet ngewei hadiah CD lagune meng Q Lurah. Giliran perwakilan Perhimak UI Mbak Leni sing ngisi pesan-kesan, nyritakena kegiatane mbantu siswa-siswa Kebumen ben padha bisa kuliah nang UI, sing siki rekore wis apik tiap taun-ne. Acara diterusna karo pesan kesane Kang Kundiyarto Projotaruno, wong Karanggayam sing siki wis dadi eksekutif muda, konsultan SDM nang Jakarta. Isi pesan kesane intine bangga dadi wong Kebumen sing pancen ora baen-baen. Terus gilirane Pak Haji Ridwan, salah siji pengurus mesjid Jayakarta nang Kawasan Industri Pulogadung, sing nyritakena pengalamane dadi guru ngaji nang Jakarta wiwit taun 1973 nganti wektu siki. Pesan kesan terakhir diisi nang Pak Salim, sing merupakan bendahara perkumpulan Iwakk Walet Mas, sing isine kurang lewieh melu bungah bisa melu ngumpul komunitas Karanganyar-Kebumen buka puasa bareng nang RM Wong Solo Tebet.

Gandheng wektune dibatesi nganti jam pituan dadine acara digawe sepadhet mungkin. Bar pesan kesan, acara diterusna karo perkenalan kabeh anggota milis ben padha kenal karo sepadha-padha warga milis. Siji-siji anggota milis ngenalna awake dhewek. Awal-awale perkenalan nganggo basa Indonesia, pas giliranku koh kudu nganggo basa ngapak. Nggo mbuktekena nek bener wong Kebumen ora kelalen karo bahasane dhewek. Isi perkenalan ya akeh sing lucu, ana sing penganten anyar, ana sing single tesih nggolet tagon, ana sing single sedhela maning arep nikah, ana sing suami istri njagonge adoh-adohan, ana sing wis nduwe anak siji jere kon ora susah kenalan. Meriaeh karo keakrabane terasa banget wektu sesi perkenalan kuwe. Profesine warga milis Karanganyar Kebumen mayoritase dadi wong kantoran. Sethithik sing wirausaha, ning akeh uga sing lagi ngrintis usaha ben bisa nggawe lapangan kerja nggo wong sing mbutuhna. Muga-muga bisa padha sukse kabeh nang usahane karo pegawean-ne dhewek-dhewek. Sawise perkenalan anggota milis, panitia ngedarna kotak saweran nggo mbayar acara Buka Puasa Bersama, nek ana lewiane mlebu kas milis.

Serampunge acara nang ndhuwur acara diterusna foto bareng nang pelataran parkir RM Wong Solo Tebet. Blitz kamera kelap kelip ora mandheg-mandheg moto wong Kebumen sing ayu-ayu karo ganteng-ganteng. Bar foto bareng terus padha salam-salaman pertanda acarane wis arep rampung. Acara Buka Puasa Bersama kuwe sediane arep diliput nang salah sijine tabloid Group Gramedia Kompas, ning wartawane berhalangan hadir. Bar salam-salaman jebule tesih akeh sing padha narsis, foto-foto wong telu, wong papat utawane wong lima. Ana bae luh wong sing ora kena ndheleng wong nyekel kamera, hawane pengin difoto bae kaya foto model. Maklum bae wong pancen rasane kaya ketemu karo sedulure dhewek sing wis suwe ora tau ketemu, dadi foto-foto kuwe salah sijine cara nggo melepas rasa kangen. Bar foto-foto maning ya tesih ana bae sing nyambi ngobrol ngalor-ngidul nang pelataran parkir. Durung ana sing miwiti bali, dadine tesih padha ngriung bae, kebiasane wong njawa ewuh pekewuh. Bareng ana salah siji sing miwiti bali, nembe liyane padha melu pamit bali.

Muga-muga paseduluran kiye bisa terus terjalin selawase. Enyong bali kan Tebet jam setengah 9, menyusur dalan Kalimalang arah Bekasi, Alhamdulillah lancar lalu lintase, tekan ngomah jam setengah 10. Marem rasane ketemu tetangga nang kampung, nek sing ketemu nang Jakarta dadi sedulur. Kaya kuwe kurang lewieh laporan pandhangan mata acara Kopdar Buka Puasa Bersama RM Wong Solo Tebet 29 Agustus 2009. Nek ana kurang lewieh, njaluk pangapurane sedulur kabeh.
Guyub rukun, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih.

Wassalam,
Suwarto Kartadiraja
Ramane_hatta@yahoo.com
Karangkemiri Kulon, Lor Pasar Karanganyar
www.nguna.blogspot.com