Selasa, 16 Desember 2008

NGGOLET IWAK


Salam paseduluran,

Jaman mbiyen sing jenenge mangan iwak tumrape wong ndesa kuwe tergolong mewah. Mulane wong ndesa klebu wong ndesaku kuwe paling seneng angger kon nggolet iwak. Akeh cara lan werna nggo nggolet iwak, antarane:


1. Mancing


Panggonan sing akeh iwake nggo mancing antarane: sawah, kali, kedung, ceblung. Alat sing nggo mancing biasane digawe sekang pring, jenenge walesan. Utawane nganggo kayu wit salak. Senar karo patise dijiret nang pucuk walesan. Ning aja pisan-pisan nganggo walesan sing digawe sekang pring wulung, mergane biasane nggone mancing ulihan, ning ulieh ula banyu. Ning ana kepercayaan nek nganggo walesan sekang pring tali sing bekas nggo nggawa wong mati biasane ulihan. Tapi enyong dhewek urung tau mbuktekna wong wedi mbok mrimpeni. Ning sing jenenge mancing pancen untung-untungan. Sing penting kesabaran karo atine kudu tenang ben iwake gelem mangan umpane. Empan sing nggo mancing biasane nganggo cacing, laron, kinjeng utawane precil. Iwak sing paling umum jenise bethik, bayong, kathing, ceba. Nek lagi mandan apes ya ulieh wader. Sing paling nikmat angger lagi mancing pas empane dipangan terus disendhal rasane grendel kena kiye iwake. Ana uga sing seneng mancing panjeran. Dadi nggone gawe pancing sing akeh misale nganti sepuluh utawane rong puluh, dipasang bareng nang sawah nek sore, esuk-esuke disendhali tuk siji-siji. Untung-untungan bisa ulih sethithik bisa ulih akeh.


2. Urek-Urek


Istilah kiye dienggo khusus nek nggolet welut. Umume nggolet welut ya meng sawah utawa kalen pinggir sawah. Alate nganggo senar karo patis, senare diulir kaya tambang sing mandan dawa. Umpane ngaggo precil ijo utawa cacing. Angger kepingin cepet dipangan biasane empane dioser-oseri bawang putih. Nggolet leng welut ya gampang-gampang angel. Biasane lenge lewih mblondho/gilig. Aja pisan-pisan urek-urek nang leng sing lonjong, biasane nek udu leng yuyu ya leng ula. Angger empane wis ditarik nang welut, aja kesusu, dinengna bae dhisit ben ditarik mandan jero, nganti ora ditarik maning utawa meneng dhewek. Nek wis meneng biasane welute kuwe lagi ngeleg empane. Nek kira-kira empane wis dieleg nang welute nembe senare ditarik alon-alon. Angger welute cilik ya gampang narike, ning angger gapur ya abot, malah bisa-bisa pathise pedhot. Nek wis ketarik nang njaba kudu cepet dibantingna meng galengan ben ora ucul maning. Seliyane urek-urek ana cara liyane nggo nggolet welut sing jenenge ngalang. Carane pinggire leng welut dikeruki nganti pandhes belete. Lha nek wis pandhes lan bersih mengko gari diencot-encot sekitare leng welut. Biasane welute terus metu, lha kiye tantangan sing paling angel, bisa apa ora ndikep welute. Enyong dhewek nek ulih welut biasane paling seneng nek ora disambel ya dipepes karo mbuluk. Jan enak banget, maknyus pokoke.


3. Ngobor


Ngobor iwak utawa welut, bisa nang sawah utawa nang kali. Alate nganggo petromak utawane sempor nggo ngobori, gethikan utawane parang/pedhang kodhol, karo kepis nggo wadah iwak/welute. Welut gelem metu akeh biasane nek tes ana grimis ning sing ora gawe buthek banyu sawah. Ngobor butuh akeh tenaga. Biasane bar ngobor terus kencoten. Sing jelas angger bar ngobor kuwe biasane irunge dadi ireng kena langese sempor. Wong desaku angger ngobor biasane nganti tekan wates kaliabang.


4. Tawu/Gobyag


Tawu biasane nang kalen. Sekang kalen sisih ngisor dibendung dhisit terus ditawu. Nek seenggon wis rampung, wis diakali kabeh iwake, ndhuwure dibendung maning. Terus bendungan sing tengah dibedah ben banyune mandan sat. Nek tesih mandan jero ya ditawu maning, nganti sat ben gampang nggone ngaraih iwake.
Nek sing jenenge gobyag kuwe tawu nang sawah. Angger bar panen rendheng biasane iwake akeh. Jaman mbiyen pari sing ditandur biasane pari jawa utawa pari gedhe sing wite dhuwur-dhuwur kaya wit pari ketan. Nek jaman siki sing ditandur biasane pari Cisadane, IR utawa liyane sing wit parine pendhek-pendhek, umur tanam nganti panane ya lewih pendek, dadi panene lewih cepet. Sawah sing wis dipanen karo ani-ani terus dibendung sing mandan amba. Biasane sing jenenge gobyag wong se-RT padha melu kabeh ya wong tuwa, lanang wedon uga bocah cilik-cilik. Bagian sing wis dibendung terus ditawu bareng tuk sethithik. Mengko nek mandan sat terus damene diidek-idek kaya wong gawe leleran. Nek nggone ngidek-ngidek wis rata kaya leleran, terus iwake mulai padha metu. Lha kuwe mulai rame nggone padha rebutan ndikep iwake. Nek iwake gedhe biasane metune klobrok-klobrok terus padha dadi rebutan nganti gupak belet. Pokoke rame, nyenengna banget. Tapi siki kayane wis ora ana sing jenenge gobyag.

5. Pasang Wuwu

Masang wuwu nang tulakan galengan sawah. Nggone masang sore-sore, saben esuke maning ditiliki. Biasane nek lagi akeh iwak bisa ulih bayong utawa bethik.

6. Nyamber

Biasane nang kali sing ngedung utawa jero. Contone Kali Bandha. Enyong dhewek mbiyen angger ngancani nyamber pamane nganti tekan kidul pekuwon. Dadi kelingan nang kedung pekuwon enyong tau ketilem gara-gara mlebu kedhung sing jero, sementara tangane nyekel iwak ceba, ora disot-na. Kasil Iwak sing paling umum ya iwak ceba karo bayong.

7. Nyetrum

Nyetrum biasene nang kali. Biasane kasil iwake lewih akeh. Nek nganggo setrum iwak sing cilik-cilik kaya wader, urang ya padha kena kabeh. Nek iwake wis padha kleyengan mung gari nyeseri. Cara kiye sing paling akeh dikepengini wong. Ning jere nyetrum ana bahayane, salah-salah bisa nyetrum sikile dhewek.

8. Nganco

Daerah kidul sing biasane angger banjir suwe sat-te. Lha nek banyune ora sat-sat wong-wong padha nganco. Angger bar musim banjir biasane enyong sering pit-pitan liwat pasar Karanganyar ngidul nganti tekan kemujan, ngidul maning tekan sugih waras. Daerah kidul kiye angger musim banjir ya musim iwak.

9. Njala

Ora kabeh wong bisa, tur pancen langka wong sing duwe jala. Ning biasane ulieh iwak mung sing cilik-cilik, kaya wader, urang lan sebangsane.

10. Motas

Cara sing paling gampang mung gari ngramu obat terus disiramna nang banyu kali utawa kalen. Ora let suwe iwake padha mendem kabeh terus gari padha rebutan nggone nyeseri. Ning cara kiye paling ngrusak lingkungan, ora mung iwak sing padha mati, enthog utawane bebek sing padha melu mangan iwake bisane padha lumpuh terus mati. Pokoke cara kiye ora recommended lah....

Nek dieling-eling jaman mbiyen nganti siki, ana bae iwak sing populasine akeh terus kayata iwak sisi melik, wader, kathing, bethik, bayong. Nek iwak sing wis langka utawane meh punah kayata
boso (sing ngumpet nang wedhi, kulite kasar, meh kaya sapu-sapu nek nang Jakarta, jere wong tuwa nek kakehen mangan iwak kiye raine bisa burasen/kasar), bogo, gabel(kaya kathing tapi gedhe meh kaya iwak patin nek cara Jakartane), Sili(sing gelem mbrambang, jere nek kebrambang sili rasane pedhes banget, nind enyong tau mlaku-mlaku nang Jatinegara ternyata ana iwak sili sing didol).

Kaya kuwe kurang lewieh crita nggolet iwak. Nyenengna, ning kadang ya mangkel nek ulieh mung sethithik utawa ora ulih babar blas, sing ana mung kesele thok. Ning siki enyong nembe ngerti ternyata ana cara sing paling gampang nggo nggolet iwak, kepengin ngerti ora carane?
Carane ya Nggawa dhuwit sing akeh meng pasar iwak, takon regane iwak terus dituku iwake, semakin akeh dhuwite semakin akeh iwak sing bisa digawa bali.

Matur nuwun,
Ramane Hatta (Suwarto Kartadiraja)
Karangkemiri Kulon, Lor kali Karanganyar